Dak gurit tangis panjeriting langit
Kanti tembung prasaja tanpa bala pangirit
Merga manungsa wis
lali dununge wirid Lali ing Gusti ..lali papan winingit Urip pisan sarwa morat marit Kebak klilip
Wis dak gurit Kahanan urip sik kebak slilit Rekasa ing dunya kebak suwara nylekit Pindhane tumiba udan kinupeng thathit gawe panase ati tundhane serik lan sengit Apa iki jiwaning manungsa kang kena penyakit......
Aku pingin tentrem nadyan mung sedhilit Bisa mangan,bisa golek dhuwit Duwe bayar nadyan mung rong kethip Dadi buruh nadyan mung tukang ngarit Apa kleruku urip pisan kinempit langit......
Duh Gusti.....kula namung kawula alit Tetegna iman,tinebihna godhanipun walang sangit Sandhunganing gesang wewalering jagat alit Damel sengsara pindha siluman dhemit.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar