sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Senin, 28 Maret 2011

SWARAMU....

nalika kuping krungu swaramu
lirih gawe gregele atiku
ngelingake wewayah sing wis kepungkur

mergo krungu swaramu
tangan gemeter nganti tekane sikelhttp://www.blogger.com/img/blank.gif
awak gobyos koyo dene adus kringet
ora kroso eluh tumetes nelesi pipi

aku pengin mbengok,
aku pengin kondho,
aku pengin nangis,
aku pengin njerit,
nanging aku isin

Karanganyar, 28 Februari 2011
dening Ndut Haryanto

Jumat, 11 Maret 2011

Layang Sing Kapitu

Wis tak waca makaping - kaping layangmu sing kapitu
Tembung-tembungmu kadya kapas salju
Rinasa manis kaya ing segara madu
Nyumrambah kalbuning hubbu
Ganda Arum mangaru-biru
Nawang wulanku kang lagi merindu

Upama wektu biso cepet lumaku
kang daksabrangi lautan biru
butuh enggal bisa ketemu sliramu
Ngusadhani roso kang wus ora kuwawu

Aku ngerti surasane.............
Aku ngerti kekarepane.........

Januari, 2011
dening Tejo Wulan

Cahyaning Jiwa

Ing sajroning atiku
Ora nganti dak pindho-pindho
Ora nganti dak rasa-rasa
Atiku kawit mbiyen nganti seprene
Nora binagi marang liyan
Siji nyawiji
Yo mung kanggo sliramu
Yo sisihanku NUR cahyoning jiwoku

Lakumu mangendi bae
Tetep tak kanthi
Awit wis kasurat jenengmu kanggo aku
Nganti angslupe jagatku
Nggayuh urip sampurno
Ing jagad royo....


dening Rindi Anyndyianingrum
Ponorogo, Januari 2011

Gurit

Gurit iki tak ripta
bareng klawan osiking nala
kang rumangsa cuwa
merga tresnamu kang duraka

Gurit iki tak ripta
bareng marang kekesing jiwa
kang kaya dene tanpa daya
merga cindra gonmu prasetya

Gurit iki tak ripta
bareng marang sayahing asta
kang kaya dene wus ra kuwawa
nyeratake rasa ing dlancang seto

Solok, Feb 2011
dening Mamey Way