sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Kamis, 18 April 2013

Ilineng Wektu

aku kalairake ing antaraning kali
ngupadi omah ing kedung-kedung
alun nyeblak mbujung wektu
dalasan pesisir owah praupan.

rina kulawan wengi mili
sajeroning regeman
dumadakan pesisir owah
sak barisan nusa ilang

sajeroning pangimpen aku
ngoyak daratan-daratan
tumeka ing pinggiring dipan
tumiba ing suanganing mimis

duh remuk, diajeng
katresnan uga kintir.

Gurit 21 April

nalika langit lan bumi celathu
tekamu gawe cingake menungsa gagah
kendel kandhamu
kaya surtikanthi ajar manah
najan tanpa guru

nalika angin mrasapa samirana
ora krasa, jebul sira padha
ohh...
apa aku luput yen aku kandha
apa aku salah yen aku crita
apa aku kaprah yang mothah

nalika katresnan lan kasujanan
tidha ing pengarep-arep
wekasan tanpa teba
ngertia menungsa gagah
aku... bisa mecaki jagat jara lagit
kaya dene penjenengan

nalika aku lan penjenengan jejering menungsa
apa bedane
ya mung kodrat
marga pepesthening Gus

dening  : Bambang Hermanto

Kapang_mu

Ing ngendi kapangmu, kakang
Sing biyen tanpa leren mecah kasepen
Lumantar swaraning tembang ombak katresnan
Kang gumulung ing segaraning atimu

Ing ngendi kapangmu, kakang
Sing biyen wani nrajang sepi ngoyak kelipe konang
Banjur kok pasangke jroning netraku
Sing jare bisa gawe padhang wengi-wengimu

Kijenan
Mung bisa ngetung lintang-lintang
Mung bisa nganggit konang-konang
Ah, yagene kapangmu durung gumawang.

Kotabumi, 07-04-2013
 

Cidro

.duh wong ayu
.apa to isih tresnamu
.apa to isih mbok jogo

.mbiyen sliramu nate kndo
.yen tresnamu mung sawiji
.kanggo aku tkane mati

.nangeng. . .
.jebul e kabeh mau mung pocapan
.tanpa ana kasunyatan
.kowe lungo ninggal loro
.kang tumoto ono jroning dodo

dening : Jacky Ismoy