Nora krasa Ratri wus ngambah rong protelon Hawa atis Sepi swasana Amung keprungu gotheking cantuka Jankrik lan gangsir datan kantun Nanging netra durung kasdu nendra Angen gegana ing awang Ancik-ancik rembulan sumanding kartika Lam-lamen citranira Kang lagya tebihing jene Gene mentala Nilar rasa liwung ing nala Den sapa nora swala Dak jawil datan mosik Pedah apa panggih Lamun tininggal lunga Medhot talining asih Tindak cidra Ngrujit ati Ndodog dada Ndeder serik ing tyas Tanpa welas ninggal sih
Tidak ada komentar:
Posting Komentar