sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Kamis, 17 Juni 2010

Aja Dumeh

(Tatiek Poerwa)

Wong meneng tanpa gunem
Durung mesti yen ora dunung
Wong kang seneng ngguyu lakak-lakak
Durung mesti yen tumus tekan ati

Wong kang seneng cubriya marang liyan
Durung mesti yean pribadine sampurna
Mula aja dumeh sugih bala
Aja dumeh paling kuwasa
Aja dumeh yen sakabehe mumpuni
Banjur nganggep wong liya tanpa guna

Yen wicara nganggo kaca benggala pribadi
Kuwi dudu kang sinebat wicaksana
Yen pambiji iku amung saka balane dhewe
Iku uga ora bisa sinebut adil
Mula aja rumangsa palin bener
Aja rumangsa paling pinter
Aja rumangsa yen wong liya kleru
Aja tansah nguja rasa serik lan srakah
Gusti bakal paring pituduh
Beci ketitik ala ketara

Garing

dening : Takeshi Arie Saeba

delengen siro,
netro kang kawoco,
sepi kang ketitik,
prasasat mati woh
tanduraning roso,
garing ukoro-ukoro mrucut,
kagowo bayu seng sumilir
neng mburi papan,
tansah kekupeng pitakon,
opo iseh koyo wingi uni....

PARIKAN WARTAWAN

dening : Widiyartono Raden

Sapine dinggo nggeret luku
ana dhingklik dinggo jaranan
saiki apa wae bisa dituku
saka pitik ngati wartawan
...
awan-awan mlaku-mlaku
kesrimpet kawat ing tengah dalan
yen wartawan bisa dituku
pejabat lan pengusaha jegegesan

yen wartawan bisa dituku
pejabat lan pengusaha jegegesan
nanging yen pengin tuku aku
pethi matimu bayaren pisan

Jakarta

dening : Rochmat Basuki

nalika sliramu lunga pamit
tumuju jakarta
sliramu nate janji
bakal nggawa tresnaku
nalika sliramu lunga tumuju jakarta
aku mung titip atiku marang sliramu
ati kang mutir keplintir dening netramu
nalika slira lunga tumuju jakarta
atiku kelangan slira
kelangan werna~werna
kelangan rasa
kelangan subasita
kelangan sliramu
jakarta kutha marahi kelangan
jakarta kutha gawe cuwa
jakarta kutha akeh durjana
slira ilang ana kutha jakarta
pupus atiku goleki sliramu

Kamis, 10 Juni 2010

Kamardikan "ilang"


dening : naradlenk


Kamardikan ilang.....
Kegerus jaman
Kelindes nepsu
Kintir dening kahanan

Kamardikan ilang.....
Jelma angkara murka
Jelma rajabana
Jelma panguasa

Kamardikan ilang.....
Dadi angin
Dadi impen
Dadi angen-angen