sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Jumat, 10 Juni 2011

Tresna Kang Semu

Dak tulis gurit iki
Nalikane lintang panjerwengi mung kari sak menir
Hawa adem njekut nggugah jiwa ragaku
...Temlawunge rasa panalangsaku nora bisa dak ucapke

Kangmas. . . .
Pancen nora bisa dak selaki
Tresna kang ngrembaka ing telenging jiwa
Mung kanggo sliramu nyawiji
Bakal dak simpen primpen

Kangmas. . . .
Ing wengi iki sunare rembulan endah madhangi jagat
Nanging . . . .
Ing jroning atiku petheng ndedet
Atiku suwung, ragaku liwung
Atiku njerit , atiku mbengok
Tanganku kumlawe nanging wis kadung jimpe

Kangmas. . . .
Tresnamu kang dak puji puji
Jebul mung tresna kang semu
Kudu dak lilakke tresnamu lungo saka atiku
Sanadjan abot nanging aku kudu lilo

Kangmas. . . .
Aku pamit becik jembarake pikir
Nggayuh kabegjan lan katresnan satuhu
Tan nora binagi ing liyan
Sampurna ing geguritan siji

Rindi Anyndyianingrum,
13 April 2011

Banda Dunya

Rerakit lumampahing mangsa
Kang ngukir lembaring dalu rina
...Kaya diuja dening sing kuasa
Yen sinawang pindha ilining bandhang
Banter tan isa kauyak
Mbradat bablas
Tan pinenggak
Raja kaya emas picis raja brana ngampiri
Munjung sinawang memper gunung
Kaya urip kinalungan beja

Sewu pitakon jroning atiku .....
Yen ta mengko seda,,,, apa banda bisa kegawa ???

dening : Tedjo Wulan

Wewayangmu

Kledhang - kledhang teka wewayangmu
Ing sajroning angenku
...Kumlebat endah prastawa semana
Ngegla nglembana ing tlapuking mata
Angel kakipatake

Sliramu,,,,
Priya kang nate nyuntak rasa
Marang lahir lan batinku
Ing limang taun kawuri
Ninggal tilas lan gawa rasa
Uga gawe gela

Mungguh bisa'a
Aku kepingin tekamu sanyata

Nawang wulan, April 2011

Asmara Kingking

dening : Wisnu Murti

jebule' meneng widara uleren,

kang mbuk sandhang,

wis ngerti ye'n aku iki kandhang langit kemul me'ga,

ge'ne'a padma sira tandur ing papanku,

kang nuwuhake' wigena jrone' tyas.

tak penek jajaku,

kanti larase' asmara kinking,

indahe' trustha kang wis rinakit pekik,

dadi gurnita wekasane',

duuhh..juwita ay...u. . .

ge'ne'a te'ga tenan atiMu,

kardi atiku kabulet rasa margiyuh,

apa aku kudu gole'k kembange' mandira,

supaya sliramu ngerte'ni,

mring asmara kinking,

kang wis mbuk tandur,

seke'he' angen2ku ilang,kaya embun sirna,

nalika rawi asung praba,

adyana kang wilis,

mangambar arum larase',

iki mung kari cerita,

wando. . .wandooo. .

apa ira kurang srana,

tansah sinuba turidane' kanduhan,

asmara kinking,

nadyan mengkana mugia dadi ajar kang rasmi,

jrone' aku ngemong lakune' angga,

uga obahe' sikil kang satuhu,

bisa sinartan kembang gandamana..¤¤.