sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Kamis, 18 Februari 2010

WIS ORA ANA MANEH KANGGO KOWE

Wis ora ana maneh kanggo kowe, anakku
dongeng kancil apa uthak-uthak ugel
nyengkelit kudhi bujel
bu guru repot penataran
ibu asring tindakan
wacanen dhewe ing kamar
komik bionik lan flash gordon
ing kono ha-na-ca-ra-ka asawang layon
wis ora ana maneh kanggo kowe, anakku
nglangute pangkur palaran
ngrangine gendhing dolanan
yen rembulane ndadari sumunar padhang
setelen video lan kaset obralan
marga wis ora krungu maneh jarak te
lan jamuran ing plataran
nini thowok kari bathok sumendhe gowok
neng kamar simbah muwun sesenggrukan
nangisi dina kawuri kang ilang
oo, putuku wis kabuncang angine jaman.

Sumber : Nguri-uri Bahasa Jawa Facebook

KIDUNG PANGAREP-AREP

Nalika budaya manca wus ngrembaka ing bumi Nuswantara
Jare tandha-tandha jaman maju wis teka
Samubarang kang aran canggih
dirancang kanggo wong sugih

Pra mudha tan wruh ing unggah-ungguh
Tilar tatakrama marang wong sepuh
Basa bubrah salah kaprah
Kamangka satemene saya ora prenah

Apa maneh traping busana wanita
Kang jeneng gaun bu pa ti
Jebul .... buka paha tinggi-tinggi
Pamer wentis wudel dieler
Jarene populer

Nyata wus padha kelangan kiblat, nyingkur jatidhiri
Hiya jatidhiri adiluhung tilaran leluhur nguni

Upama ati iki bisa kandha .... kebak ing panalangsa
Kapan ya ? .... larasing budaya hamurba asrining swasana
Manising basa nuwuhake larasing rasa panggrahita
Edining rasa pangrasa tatakrama mimbuhi ajining raga

Kapan ya ? .............
Hiya mung pangarep-arepku marang panjenengan sadaya
Bisa sembada ndhudhuk ndhudhah memetri lan nguri-uri
Satemah ngrembaka minangka tamenging budaya
Saka panglindhesing budaya manca


Dening : Soejanto Yanto

SERAT DARMAWASITA

Rambah malih wasitaning siwi,
kawikana patraping agesang,
kang kanggo ing salawase,
manising netya luruh,
angedohken mring salah tampi,
wong kang trap sileng tata,
tan agawe rengu,
wicara lus kang mardawa,
iku datan kasendhu marang sasami,
wong kang rumaket ika.

Karya resep mring rewange linggih,
wong kang manut mring caraning bangsa,
watek jembar pasabane,
wong andhap asor iku,
yekti oleh panganggep becik,
wong meneng iku nyata,
neng jaban pakewuh,
wong prasaja solahira,
iku ora gawe ewa kang ningali,
wong nganggo tepanira.

Angedohken mring dosa sayekti,
wong kang enget iku watekira,
adoh marang bilaine,
mangkana sulangipun,
wong kang amrih harjaning dhiri,
yeku pangolahira,
batin ugeripun,
ing lair grebaning basa,
yeka aran kalakuan ingkang becik,
margane mrih utama.