sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Kamis, 01 Maret 2012

Pemulung Tuwa


dening ; Agoeng Sedayu
‎ Kembang turi wus padha ngrembaka
Pralambang kekes pan tumeka
Sigra sumilir...
Samirana anrajang balung sungsum

Ulatmu tansah mesem jroning nendra
Langking kulit kebrongot panasing rahina
Kemul anyep njekut njejet ratri
Nggloso pinayungan langit
Udan panas dudu sesanggeman

Pideksamu isih ngegla
Katon ngujiwat ing palarapanira
Nadyan raga kagiles yuswa
Tan kemba ing pangupa jiwa
Tatag hamapag sara

Ngupadi pangan dumuning larahan
Panen mbako karana tegesan
Hananging...
Anggamu tan owah kesuk kahanan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar