sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Senin, 17 Mei 2010

Udan Kiriman

Dening : Buddy Cahyono



Kembang Jambe gagar..
Tiba Kumleyang ing satengahing plataran
Dak geget kinang suruh tanpa gambir
Krasa getir sundul tekak ing sukma

Kembang jambe kang kumleyang..
Bareng tibaning udan kiriman
tak rengkuh wewayanganmu kebak rasa kedosan

Kembang jambe kang gagar tiba kemleyang
Banjur ambyar ing plataran
jroning telung ewu puteran jagad kepungkur

Sabtu, 15 Mei 2010

Ora bisa dileboni

by : Adjie Poetra Edy

Rasa kang dak rasa nambahake cilaka
Sepisan aku ngrasakake kelangan....
Nalika sliramu wis oncat saka atiku...
Nalika sliramu wis bisa nyandhing karo ati kang seje......

Dak cobo ngisi lan mbumpeti.....
Dak cobo nambani tatu ana ing ati iki....
Cedak sumandhing karo wanodya liya.
Nanging aku tetep ora isa !!!!...!!

Atiku iki durung bisa dileboni rasa tresna maneh....
Atiku iki durung bisa dibumpeti ngganggo katresnan liya....
Bolong....nanging ora isa dileboni......
Bolong....nanging tetep durung bisa dibumpeti.........

Saya suwe tan saya owah....saya bubrah kahanane.....
Peteng dak rasakake ana ing ati....
Sapa kang bisa tumeka ana ing ati iki???
Kang gawa diyan kanggo madhangi atiku....
Kang gawa tutup, kanggo mbumpeti ati iki.......

SWARANING PANDOM JAM TEMBOK

coba ta yen kok ematna
obahing pandom jam tembok
ora mung nuduhake
iki wanci jam pira
oba ta yen kok ematna
swarane kang kadya
ngiris-iris kepara njuwing-juwing
batin lan rasa kita

swarane pandom jam tembok
kaya-kaya nyeret lunga
ninggalake kaendahan donya
nuju panggonan
kang kebak kasampurnan

swaraning ...pandim jam tembok
kaya nglethak-nglethaka
cumplunging mustaka
kang saya suwe
pancen saya tanpa daya

Sm.97


karipta dening :Widiyartono Raden

Jakarta

dening : Rochmat Basuki


nalika sliramu lunga pamit
tumuju jakarta
sliramu nate janji
bakal nggawa tresnaku
nalika sliramu lunga tumuju jakarta
aku mung titip atiku marang sliramu
ati kang mutir keplintir dening netramu
nalika slira lunga tumuju jakarta
atiku kelangan slira
kelangan werna~werna
kelangan rasa
kelangan subasita
kelangan sliramu ...
jakarta kutha marahi kelangan
jakarta kutha gawe cuwa
jakarta kutha akeh durjana
slira ilang ana kutha jakarta
pupus atiku goleki sliramu

Sabtu, 01 Mei 2010

Golgota ... Golgota (Paseksen Gumuk Cumplung)

Dening : Widiyartono Raden

:eli, eli, lama sabakhtani
dhuh gusti geneya
paduka nilaraken kula

langit sing padhang njingglang
ndadak peteng lelimengan
lindhu ngobrak-abrik
gumuk cumplung
agung kelangkung-langkung

sateruse keprungi swara
: wus rampung
sabanjure suwung

geneya apa aku kudu keduwung
kadlarung-dlarung...
tan gelem uwal saka
sadhengah kang tan nate rampung
kangmangka gusti wis paring janji
tan ana kang bisa
tumeka dalem-me tanpa
liwat pyambak-e
kang wis netesake rahe
ing gumuk cumplung
golgota

GUWA RATU

:ngaturi sugeng sang prabu

kawula sowan dhateng kedhaton tuwan

banyu bening netes

saka pucuking stalagtit

ngenani pipi kekes ing ati

ing sajroning guwa

kaya ketemu priya gagah pideksa

lagi dhawuh mring para

tamtama kedhaton nusa tembini

GUWA RATU

: dherekna aku

mboyong roro dewi ciptarasa

kapangku bakal tak suntak purna ...

sang prabu pulebahas miyos

kairing para prajurit

aku ketinggal ing jeron guwa

peteng dhedhet ra weruh apa-apa ****

(Guwa Ratu, satunggiling guwa ing Pulo Nusakambangan)

Karipta dening : Widiyartono Raden