sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Senin, 26 September 2011

Emban Kencana


Pangangenku gremet-gremet lumaku
Ing endah warnane gegayuhan ginadhuh
Ing sumrebak gandhane melathi
Kang tumungkul mendhem donga asmara
Mapag mangsa wohing janji wenang diundhuh

Sauntara emban kencana wus ngrenggani drijku sing kiwa, paseksen sulistyaning tresna

Kotabumi, 19-09-2011
Nawang Wulan

Dwija Kinasihku

Yen rasa ati iki datan kuwawa
Nelukake kapang jroning ati
Ngeglo ayang-ayangmu ngujiwa
Tangan kumlawe mung nggayuh angin
Geneya aku bisa ngejowantahake impen

Duh nini....
Lelanamu kang tanpa swara
Nyurupake pajaring pandulu
Ndika kan dadi dwijaku
Dwija kinasihku....
Kang tansah ngreksa piwulang tresna
Saiki wus ora nana

Nadyan putih rekmaku
Praptamu tansah dak'ant
dening : Agoeng Sedayu
 

Gumantung Awang-awang

dening : Sony Aja
daktakokake marang tangga kulon, jarene ora katon
daktakokake marang pulisi sing jaga prapatan, ora ana wangsulan
daktakokake marang bakul dhawet ayu, mung digeguyu,
daktakokake marang kere pinggir kali, ora mreduli
takon marang sapa?
marang lintang?
o kadohan
marang gunung, marang mendhung, apa marang mega ing akasa?
ah, ora kajangka

dakpecaki dalan ledhu mangsa ketiga
daksandhung, daksaruk, daksepak suket ing pinggir kali
dak luru, mbok manawa isih kari

tansah dakarep-arep wangsulane lintang ing tawang
tansah dakarep-arep wangsulane watu kang setya tuhu
marang kali kang tansah setya ing janji
marang krikil kang tansah dakpecaki sangisore sikil
wasana mung kandha
ora ngerti
ora mreduli

apa tresnamu isih gumantung awang-awang
apa kabuncang katut ing mega malang
apa pancen kudu ngenteni
tumetese bun wanci bedhug ndhrandhang ?
 

Nganti Tumekaning Pati

 dening : Chimin Why
tansah dak endhem rasa iki
kang wis suwe kasimpen ing ati
datan kepengin ngganggu kamardikanmu
amarga sliramu wus ana sing ndarbeni

aku pengin ngandharake rasa iki
ananging...
aku ora tega sliramu cuwa

kabeh kang dak tindhake mung kanggo sliramu
amarga aku tresna marang sliramu
lan dak jaga rasa iki kanggo sliramu

sanadjan sliramu dudu darbeku
nanging sliramu kasimpen ing ati
nganti tumekaning pati

tahsah anyoba nglalekna rasa iki
nanging datan bisa ilang saka wewayanganmu
tansah gumantil ing sajroning ati
nganti tumekaning pati

Kamis, 22 September 2011

Wewayangmu

wewayanganmu tansah ngreridu.
anarabas madyaning kalbu kang suwung,
kalbu kang nuju kapang marang endahing katresnan..

aku mung bisa nyawang
nalika wewayanganmu alon-alon
anrajang barisaning rasa kang sejatine
wis ana kang nduweni..

aku datan kuwawa mbendung ilining rasa,
rasa kapang kang saktemene
nora bakal dadi kasunyatan..

mamey..

02 September jam 1:45

Idul Fitri

Ing sisih kulon, nglega cahya mbranang
Ngeterake rina mapag wengi

Swara adzan mbuka rasa
Sanalika gawe grumregahe ati kang rengka
Ngliwati dina dina kang sepa
Kebak panggodha

Jembare jagad ginelare urip
Sadawane pikir sajroning rasa

Ing dina kang suci ''Idhul Fitri''
Lumubere pangapura marang sapadha
Dosa dosa kinapura
Banjire pangampunan saka Gusti Kang Maha Kuwoso

RA, Ponorogo lingsir sore

Rindi Anyndyianingrum

01 September jam 7:17

Sawangen

langit ing wengi permanakna lintang
coba renungna sliraku
sliramu bakal nemokake wewayanganku

kelingan syair geguritanmu
banget le lembut lan syahdu nalika dak waca
nanging kenangapa sinareng lakuning wektu
lagi dak mangerteni sliramu dudu darbeku

banget endahing janjimu
pedangmu sawijining ilat
kang anjuwing atiku
kanthi sengaja janji manismu

nate kepengin arep bali
nanging...
kelingan lara ati kang kok wenehi
angel anggonku mbayangke
sliramu dadi pangeling eling

Chimin Why

31 Agustus jam 23:54

Ngenteni Tekamu

nalikane udan ing wayah ratri
angin sumribit setyo ngancani
ngadek ing ngarep lawang
ngantu baline sliramu..

dak sawang tumetesing banyu udan
dak rasakne atise angin sumribit
amung nambahi roso kangene ati

nganti tekane mbesuk kapan angonku ngenteni
ngenteni sliramu sing durung mesti bali...

21 Agustus jam 15:27

Nduth Haryanto Ituaq

 

Lila

aku pasrah dadi rembulan
ing saben klawuning wengimu
sing madhangi ibering impen-impen kangen,
nalika atimu njekut kalimput pedhut
nyeret panglangutmu samsaya ndadi
sadawaning pangantu-antu tatu.

aku lila dadi bagaskara
sing tansah ngusir bun kang nelesi pipi,
ngangetake adheming rasamu kang dijejuwing sepi,
mekarake panjangka mupusake gegayuhan,
nukulake winihing kinarepan
lan ngluruhake garinge kacuwan.

aku pasrah lan lila
dadi apa wae kang kok kersakake,
janji aja kok pepesake uripmu
nganti pegat oncating sukmamu.
merga pati-urip wis ana garising pinesthi
mung kari rasa pangrasamu kang kudu diresiki.

jkt, selawe juni rongewu songo.

15 Agustus jam 0:17

Diek Y. Murdock ‎.

Puspaning ati

Puspa ijenan ngrenggani mbale
Dhewe sesekaran ing omah limasan
Tanpa siter kang ngiringi
Nembangake kinanthi
Ing njaba kartika lan candrakirana
Setya ngancani puspa sesekaran
Ngincup ratri saka tritisan

Iba kapangku nalika tembangmu lunga, nimas
Krana ing wening swaramu
Ing arum pasuryanmu
Nate dak titipake sih katresnanku

Kotabumi, Madya ratri,,,,
@.TW

11 Agustus jam 15:19, Tejo Wulan

,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,,

mbesuk...............
sesuk..................
lan embuh??
sampek kapan.......?
Kabeh ora ono sing
weruh.
Kabeh ora ono sing
ngerti.
Sing ngerti lan weruh amung Gusti kang Moho Kuaso
Sopo........sopo ...........
sopo
sing ora ngresah.!
sing ora sambat.!
Yen koyo ngene kedadehane!
Yen koyo ngene kahanane!
Pasrah..........
Pasrah..........
MUgo kuat.
Mugo sanggup.
............N O M P O.............?

21 Juni jam 2:04, Harsono Tenan

Semu

Panase mawa nora kaya panase atiku
Nyenyete banyu es nora kaya nyenyete atiku

Nora ngira yen sliramu tegel
Nugel punggel sewu angen

Kaendahan kang dak tampa jebul mung semu
Kawigatenmu semu
Esemmu semu
Tumucapmu semu
Lakumu semu

Kapercayanku wus ilang musna
Nora bakal tinemu

01 Juni jam 6:59,

Rindi Anyndyianingrum

Dalan Iki

Dalan iki
Dak ambah kanthi ati semplah
Napaki dina-dina kang tansah teka
Nggawa sangsara
Nggawa panalangsa
Tanpa bisa suwala

Dalan iki
Pating blengkrah
Ati ngregeyong nggendhong sanggan
Matumpa-tumpa tanpa tandha bakal suda
Tanpa juntrung lan tanpa pungkasan

Nanging dalan iki
Isih kaya wingi uni

01 Juni jam 2:17, Tejo Wulan

Pojok Kamar

petenge ratri..
tanpa dian
tanpa kanca
tanpa swara

sepi....
agawe
ati nelonggo

apa salahku..
apa dosaku..
apa panjalukmu..

wis luwih setengah tahun
wis genep pitung sasi
anggomu lungo
tanpo pamit
tanpo pawarto

pojok kamar
dadi saksi
aku isih setyo
ngenteni tekamu.

sanajan tahun gumanti
mongso ketigo
maleh rendeng
nora bakal biso nglunturne rasa tresnaku.

31 Mei jam 15:03

Nduth Haryanto Ituaq

Pepeling

Wis wancine tansah dielingke
Wis wancine padha nindhakake
Adzan wus kumandang wayahe sembahyang
Netepi wajib dhawuhe Pangeran
Sholat dadi cagak ing agama
Limang wektu kudu tansah di jaga
Kanthi istiqhomah lan sing tuma'ninah
Luweh sampurna yen berjema'ah
Subuh luhur lan asyar
Sholat sayekti ngadohke tindhak mungkar
Magrib lan isyak jangkepe
Prayogane ditambah sholat sunate
Jo sembrono iku prentah agama
Ngelingana ning ndunyo mung sedelo
Sabar lan tawakal pasrah Sing Kuasa
Yen kepengen mbesok munggah suarga