sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Selasa, 22 Februari 2011

............ S A M B A T ..........

Aku kudu kandha apa?
Saweneh pitakonan saur-manuk nampeg rasa

Aku kudu menyang endi?
Jangkah wis kebacut tekan prapatan

Ngetan durung mesthi katekan
Ngidul ora tamtu kabul
Yen ngulon durung mesthi klakon
Lamun ngalor, lupute luhur bakal asor

Aku kudu piye?
Sikil iki wis ora kuwat pijer mbegegeg tanpa kajat

keli kaya larahan ing kali
sadawane dalan kang tinlusur
babar pisan ora ana sasmita
Wayangan mangsa saya cetha

netra lan lathi ora kuwawa negesi
apa kang dadi gregeting ati
mung siji kang bisa kadhadha
kabeh iku mung saderma nglakoni


27 Desember 2010 jam 9:29,
dening Tejo Wulan

..........TRESNA KANG PUNGKASAN..........

Ambyor rasa sih tresnaku marang sliramu
Ora dak para-para, ora dak pilah-pilah
Katresnan kang mbok bondhot godhong jati
Kang tuwuh ing lorodan yuswa kang saya pungkas

Kabeh tuntas dak simpen rapet dadi katresnan jati
Kabeh linambaran iklas kang tuwuh sajroning ati
Binarung wangine sekar melati rinonce
kang dak pasrahke marang sliramu

21 Desember 2010,
dening : Nawang Wulan

Selasa, 08 Februari 2011

Manungsa

dening : Gatotkulit Gajahlampung

Nalika urip lagi mulya
Manungsa klakon kaya Buto
Bekasakan, Srakah, karepe dewe
Gustine banjur dilalekake

Ananging yen lagi rekasa
Manungsa meh ngungkuli Dewa
Rina wengi, sila ora tangi-tangi
Ndhodhok ndheprok, ndonga nyuwun rejeki

Manungsa, mbok yo pada elinga
Manungsa, Manunggale Rasa
Manungsa, Elinga marang Gusti
Kang sumimpen ing jeroning Ati

Wus dadi garisan ing donya
Wong urip kuwi kaya Roda
Nek dhong mumbul aja pada sembrana
Sing ati-ati den prayitna

Niat Suci

dening ; Rindi Antikasari

Atiku.....
Ngambang kaya layangan
Mobat mabit neng dhuwur mega
...Udan tangis
Kang tansah nyiram jiwa ragaku
Kaya bledek nyamber
Kang tansah dadi lelakonku
Rina wengi tansah memuji

Duuuuhh Gusti....
Paringono kekiatan
Anggen kawulo jumangkah
Ngayuh niat ingkang suci
Pikanthuk tresna sejati
kang tuhu
tulus lahir bathin
Nganti tumekaning pati....

Sepi.......

dening ; Diajeng Ayu

Iki sepine sopo
kathik ono sepi sepo
langit peteng kagubeng
dening mendung
tanpa angin tanpa wicara
tanpa lagon tanpa gendhing

Sliramu ono ngendi
tanpa warta
sliramu opa isih tresna
nadyan getir rasaning ati
tansah dak antu tekamu

Sabtu, 05 Februari 2011

Sepi

yen aku dhong lungguhan

dheke kang dadi seksi

yen aku dhong miwir lintang

dheke iku kang ngancani

yen aku dhong takon werdine urip

dheke kang ngewangi ngudharai

yen aku dhong tak tik tak tik

dheweke ora lungsi ngguyoni

lan setia ngandhani terusna kang

menawa ana asile kena nggo tuku kotang

ora ana wong cubriya.


dening : Yono HS
Semarang, 12 April 1994
(Pustaka Candra. Edisi 193 1996/1997)