sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Selasa, 28 Februari 2012

ESEM REMBULAN

Tembang kinanthi
Methuk eseme rembulan
Lan sumiliring angin
Anelungake rasa riyung
Edhum ngujiwat sumundhul ing punjeraning kalbu

Bali angenku marang sawijining wengi
Duk rikala sesandhingan
Lungguh jejer ing plataran
Sineksen sewu lintang payung rembulan
Kandhamu ...... aku wewayang telenging atimu

Kotabumi, Madyaratri
NW

GEDHE CILIK


Kowe ngengkreng pindha bis gedhe...lan truk gandheng
Dumeh rumangsa gung ngunjal klakson tanpa pitung
Aku mung kaya bemo utawa sandhal jepit
Ragaku saktumil kulina kejepit
Karo sapa nggonku sambat...?
Karo sapa nggonku mitakon...?

Genaya gedhe kudu menang
Lan tumindak sewenang-wenag
Geneya cilik kudu kesingkir
Kudu ngalah kudu nyingkir
Apata bedane...Gedhe lan cilik?
Kabeh hamung tembung
Yen, benta, lan manjing ana bebrayan iki
Kasunyatan kudu ana...
Gedhe lan cilik

Pangling


Nalingsire swara gendhing sing dakrungu
Tansah mbiwadha jangkahku
Duk nalika mekar kembange tresna
Geneya tok sidhem kapanging tyas
Nganti lelimengan pedhut
Tan bisa kadulu
Lan musna wewayanganmu
Saiki aku wis lali praupanmu

Wedhak Pupur

Sakathahing wong wadon padha lelumban
Den repotna anggawe topeng
Pupur benges uba rampene

Ahhh....
Bojoku uga melu tetopengan
Gawe pangling marang praupane
Dak goleki neng loteng
Ono tritisan...Nganti ing ngisor longan
Nanging tan ketemu
Margo aku lali pasuryane

Dakupadi mlebu mal-mal
Daktemokke maneh wong-wong wadon liya
Padha nganggo wedhak pupur nganti kaya wulung
Arum gandane kaya kembang telon
Agawe atiku drodhog.

Pola lan Isi

Sira bisa mbadhok ,krana kawula.
Sira bisa deduweni pakaryan , krana kawula.
Sira bisa manggul bedhil ,krana kawula.

Yen bedhil wus musti kaisi mimis.
Njur gegawe nembaki kawulane sudra.
Apa ta kuwi ,wigunane nara praja.

Yen kelangan bakiak jepit.
Wus ngendelake drajat pangkat.
Ing pandulumu kanti nggujat.

J.Liwung .

ING TEPISING WENGI

Nglambrang nglangut
Lir wulan ketawang pedhut
Ngajab kalodhangan tinebak luput
Cacahing wilang kinukut
Tanpo pagut

Daksuwek dluwang biru

Dakbusek lelakon klawu
Rangu-rangu worsuh nyemoni pandulu
Awit wektu malik dadi lembuting lebu
Sawuse cidramu nggarit atiku

Rerangkulan klawan sepi, mbusek impen kang wingi mblerengi

Ing tepising wengi-wengi

Kotabumi, 08-01-2012

NW

Apa Wis Puput "Gara-Gara?"

Diwiwiti gagar ajining dhuwit, lengsering eyang ratu, mijiling para ratu sing mung duweni sesumbar aji tanpa numusi, kepara sansaya bubrah. Wong jawa ilang jawane, tumindak dora sing maune slinthutan dadi blak kotang. Korupsi, dolanan kukum, nyogok perkara ngegla tanpa aling-aling.

Wong cilik padha nglumpukke dhuwit, sakgegem dadi sakcepuk, sakcepuk dadi sakgunung, sakgunung digaglag buta sakbrayat kedhung.
Punggawa gung mbadog emas saktenggok mung kena blethok, sudra nyenggek dhondhong kenteban glondhong.

Kahanan kadya tan tinulungan, SURA DIRA JAYANINGRAT wus ngrembaka tanpa tuntunan, sekang saka kuli nganti priyayi padha nggendhong lali, utawa pancen dadi gegayuhaning ati, nuting jaman ngoyak aji. Sapa wani, Sapa kuwat, Sapa pinter lan julig, bakal nemahi jayantining kamulyan, sanadyan nerak trap-trapaning kasusilan.
PANGASTUTI, minangka pituturing para leluhur mung kadya dadi bebungah tumrape wong sing isih ngugemi kautamen, setya mulat musere Cakra Manggilingan mbesuk mesti bakal nemahi emas.

Sakeh para waskitha wus medhar sasmita ing jaman kalabendhu sing sajake saiki lagi linakon, jaman kang nuwuhake rusake pranatan, jalma durangkara, bumi bramantya lan nyawa ilang ajine, kanthi kersaning Hyuang Manon (Allah), ingaranan kabeh bakal puput.
Ana panjangka bakal tuwuh pitulungan kang nora dinuga, muwus saka bebrayan kang prasaja, ora pinter nanging lantip ing panggraita ngerti butuhing kawula, nir kaloka sembada ing budi.
Ana kang teges meneh ngandharke tetenger mau saiki wis katon, Wlhualam

Macak taun 2012 sesuk uga akeh wong kang njangka menawa bakal ana kahanan, taun kang kebak reridhu, gung rubeda, lemah lunjak-lunjak awit gregeten mulat kahanan.
Nanging ati ora perlu ngedhab, sumarah kersaning Allah, lan aja wedi kangelan.
Mbok menawa kabeh minangka puputing Gara-Gara, kang mekasi purwakaning mungguh jayantining bebrayan agung.
Kabeh mung kira-kira, sing mlaku dimen mlaku, sing dadi dimen dadi, manungsa mung becik memuji, Kuwasaning Gusti kang yekti.
 
 
AS...Sala 311211

Sasi Ruwah Ing Pasareyane Eyang

sinegsenan suket-suket lan gegodhongan
nalika srengenge alon-alon mapag tekane surup
aku mung bisa sedheku nyawang ukiraning watu
tanpa sumrepete kembang boreh lan telon
tanpa kumeluse dupa lan kemenyan
marang eyang, donga bekti putu lanangmu iki
dak gelar ing pusere pasareyanmu iki
moga-moga gusti paringo dalan padhang
tinampa sakkabehe amal kesaenan
kinampurano kabeh luput kesalahane eyang

ah, isih krasa gumayang esemmu nalika semana
pitutur ngenani lakune urip isih rapet dak bundheli
najan donyamu-donyaku wis kasingged pati
nanging wewarahmu dadi pusaka aji
kanggo jangkahku nepaki lakuning urip agung iki

Kasongan, Juli 2009

GURIT WENGI


Gumer-gumer gendhing

Alun ngumandhang ing tengah wengi
Merbawani swasana kang edi
Kepara digawa lali

Ketang mung sedhela
Pengin dakkekep puput curesing pangimpenku
Pengin dakranggeh wektu kang wus keplayu
Sajroning ati kang lali
Ngimpi
Kotabumi, Madya ratri
NW
,

WENGI_WENGIKU

‎ Wengiku mung kanggo ngangsu kawruh
Sawetara dak klirwa'ake endahing kadonyan

Wira-wiri mung kanggo ngrampungi sesanggeman
Kang katon nengsemke...
Timbang nekuk sikil

Jejogetane pulpenku ing kertas iki
Katon endah...
Tinimbang widodari beksan jroning sendhang

Luwih anget nyebar uyah ing ladhu
Tinimbang ganda arum anggane kenya ayu

Pancen beda rasaning panjangka
Antaraning mbudidaya kelawan semeleh raga

Tan nendra netra samangsa wulan purnama
Bakal nemahi impen kang nyata
Tinimbang nglipus jroning lena

WARSA ENGGAL

Wektu terus lumaku
Wengi gumanti rahina
Datan rinasa warsa rongewu sewelas
wus katutup

Mbuka warsa enggal rongewu rolas
Ninggalake sakabehing ruwet rerentinging
urip

Wus wancine ngudi welas asihing Gusti
Nggayuh kamulyaning urip
Saka karsaning Gusti Allah
Mrih urip migunani tumprap pepadha

RA, 1 Januari 2012