Prasapamu tan tulus
Ucapmu amung ing lathi
Tumindhak lan pakartimu adoh saka prasetyamu Ulat manis Esem kang ngujiwat Jebul sarana sesinglon Anutupi nistha tumindhakmu Kiramu aku nora sumurup Merga pikir katutup nafsu Bukaken topengmu ungaken jati dirimu Balia marang kewajibanmu pupusen pangangen ira Aja kongsi sesingit marga tanpa guna
Tidak ada komentar:
Posting Komentar