sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Jumat, 26 September 2014

Durung

karipta dening ; Kang Raden
apa wis ana kabar
anginku kang sumilir?
pancet wae kaya wingi uni
isih mlompong kaya kayu growong
apa wis tok kirim pawarta dhek semana?
kowe manthuk karo mesem
banjur ngapa kowe mrene?
ajeg manthuk kaya wingi kae
mbok gage ndang digawa mrene
pakabaran wingi kae
amung mesem karo ngethut lambe
umpama wis tak tampa kabar gumbira kuwi
aku banjur nanggab wayang sedina sewengi
aku karo mesem ngguyu
karoban ing segara madu
anginku kang sumilir........
( 250914,sliramu )

YEKTINING MARDIKA

Geguritan : Ratmaya Urip

Kamardikan iku dudu paraning punagi
Amung purwakaning atur, pikir, lan laku
Tumujweng kasunyataning panggayuh
Kanggo praptaning rahayu, basuki, adil, makmur lan raharjaning bangsa
Uga kanggo mijiling kasampurnan jati tumrap nusa
Kanti olah kridha pikiran lan laku kang sak mesthine lan sak benere
Tumujweng jayaning negara
Supaya adoh saka reribeting catu lan kala bendhu
Cedhak ing guyup, rukun, rosa lan santosa
Kamardikan kuwi prapta dudu amung nawala
Nanging uga caraka kanggo yektining panggayuh
Uga marganing jangkah kanggo mijiling mongkog kang jati
Kanggo yektining adil makmur, tata titi tentrem karta raharja
--------------------- --
Dirgahayu lan tansah Jaya Republik Indonesia
Pondok Kelapa-Duren Sawit-Jakarta Timur, 17-08-2014

Ing Wengi Sepi

Dening ; Kidung Wayah Wengi

Lungguh ing wayah ratri tanpa kanca 
Pedhut peteng dadi kemule akasa 
Ati kebak panggresah nalika kelingan
Praupan kang tansah dak kangeni
Sakdawane wektu....
Pangangen ngulandara sak antaraning mega
Adoh sajeroning pasepen
Getering asmara sansaya ndadra
Kapangku tan kena cinidra
Wengi sepi iki......
Kepengin dakkidungake gatra-gatra asmara
Kanggo sliramu ing kana
-------------------------------
(0926-170814)

Tumpang Sari


Gonjang-ganjing wismaning pertiwi wis lerem
senajan angin semilir durung krasa adhem
kadhang isih ana besutan lisan tanpa nata papan panggonan
tundhone nglelara atine liyan
kang mimpang nebah dhadha mungalke jangga
sing kalah dadi salah mergo emoh kalah
terus kena apa ora nyawiji
guyup rukun ngrumat negari ?
Lelakon wingi kaya dene ngimpi
kang kebak tindak iri dengki lan srei
dene saiki critane beda ,-
crita bangsa kang kebak pangarep-arep
lemah garapan butuh tanduran
senajan beda thethukulane ning nyawiji mancep ing bumi
dhasar garapan tumpangsari
garapane putra-putri pribumi
siji lan sijine manunggal dadi sak rasa ,-
rasa neng lathi uga rasaning ati
kawusanan bisa murah sandhang murah pangan
negri neki gemahripah loh jinawi.
@penatua.2282014

Ngayogyakarta

Dening : Ratmaya Urip

Nalika Ngayogya prapta ing telenging galih
Kapang iki tansah kadhedher kebak ing wektu
Ngalem mring rasa lan nyuwek punagi
Ngarih-arih andrawina mring prasasti
Kang wegah sirna utawa mlayu
Karana sliramu pancen angel ninggalake wektu
Lan kapang iki nyatane ora nate layu
Klayu mring pasihmu
Tansah memayu hayu