sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Selasa, 20 Maret 2012

Sakloron

Lungguh dhewekan nanging ora dhewekan
Mung tansah katon sakloron
Nora bakal ana sepining sepi

Ngadek dhewekan nanging ora dhewekan
Ya tansah rinasa sakloron,
Nora bakal ana sijining sawiji

Mlaku dhewekan nanging ora dhewekan
Runtang-runtung katon sakloron
Nora bakal ana pedhoting reroncen...nyambung nyawiji,

Turu dhewekan nanging ora dhewekan
Glimpang-glimpung ya pindha sakloron
Nora bakal ana wengining wengi
 Dening : Agoeng Sedayu

KinantiI Kabrananggeni pl.6

Kabrananggeni sekaring jagat
Gemayanging mancolo esthi
Paparaning Jemparing Cucuk
Nyengkuyung sajroning kalbu

Duh , Think-think prananing Sumbogo
Tatahana tlutuhing rerinduku

Kapalangana rerimbune sewu kembang
Yen aku cinta koyo opo arep ta tututi…..
Njajaggono jlurunge kedung
Bakal e den slulupi…

Masiyo..udhan awu lan tangis
Yoh mengkene anetepi cinta rahmating Kalbu…….
Tresnaku sundul wiyati…
Sekar tunjung biru obate ati..
Sekar anggrek ema ungu obate cinta
sungai bamboo .. ngliwet ing 1992.. 23-02-2012
dening : Dedy Tri Siswoyo

Aku nDuwe Rasa Tresna

kidung lembayung
kidung ati kang wuyung
aduh biyung

crita karipta cinipta
ciptaning rasa
rasa sukma larabranta
aduh rama

bungah lan susah
garising urip jalma tinitah
ngrekso rasa lan ukara
yen .. tho pancen aku nduwe rasa tresno
Eka Gigis Sulistiyana, pinggir rel --(gedog), 22 Februari 2012

Nggerr... Anaku

Nggerrrrr anakku....
Dak pengestoni le lakumu
Gawanen apa butuhmu
Age -age cepetno lakumu
Aweh pitulung marang kancamu

Thole ngger anakku
Sing temen olehmu pitulung
Larane kancamu kudu cepet oleh pitulung
Kancanono sak tekane wongtuane saka Lampung.
(Gusti mugi rahayu slamet bagas waras saking sakitipun) amin.
dening :  Mohammad Arief Witjaksono

Jagad

 Dening : Kang Mas Ilham Inki
Jagad iki suwung.
Suwung kang sejatine isi.
Isi kang sanyatane suwung.
Jagad sinebut isi dumadi saka manungsa ingkang duweni grenjed kang sarta karep.
Temah tuwuh hambabar tumindak ala lan tumindak kang becik.
Jagad sinebut suwung lamunta jagade manungsa ginulung dening Gusti Kang Kinarya.

Manungsa bakal tumeka ing pati.
Wong urip iki ibarate amung wujude impen.
Manungsa kang tumekaning pati ibarate wong kang wungu saka nendra utawa wong kang tangi turu.
Ya ing papan kono manungsa bakal nampa pangadilan.
Ingkang tumindhak ala bakal hantuk pidana.
Ingkang becik bakal manggih basuki.

Mula tindhakna apata kang dadi parentahe Gusti.
Singkirana apata kang dadi pepacuhe.
Tandha yekti lamunta manungsa kapurba dening Gusti Kang Maha Kawasa ana tetembungan.
Roda ning ati ora kuwasa mbedhah kuthaning pesthi.
Pambudidayaning manungsa ora bakal ngungkuli marang garising Kang Kawasa.

Singkirna watak takabur.
Pangucap ingkang ngandar-andar pandukur.
Nanging tandhang tanduke isih ngawur.
Nyatane mripate isih blawur.
Durung bisa mbedakke kang goroh lan kang jujur.

Budidayan raharjaning jagad raya.
Lestarining nuswa bangsa kanthi kebak donga marang panguwasane Gusti Kang Maha Asih.
Gedhe ning pandonga bakal nampa kanugrahan.
Rahayu,,,,,,, Rahayu,,,,,,, Rahayu,,,,,,,

Blitar, 22022012 / Sapi Nggiring Carang’S Ana.

Anteng

dening : Rindi Anyndyianingrum
Anteng
Mantheng
Ing saklebeting pepeteng
Ambyur samudra heneng
Temah sirep kang asipat culiko
Gentiyo urup kang murup hanguripi
Mugyo dadyo marganing jalmo utomo
Hangutamak'aken meneping raos sih
Kawelasan mring sa'podho podho,
Sesami titah sawantah, Sumrambah
Hayuning bawono

Rembulan

Oalah, jebule rembulan kuwi wus panglong
Awit praupane wus katon celong
Ginapit dening kumrelipe lintang
Kairing mega-mega malang
Runtung-runtung njangkah mecaki tawang

Ati kiyi kapang
Lelumban ing kumandhanging katresnan
Lerem ing weninge warih kaswargan
Mesem ing edhuming swara pangeman
Dhuh ati
Gawa'a aku ing jagading lali

Rembulan njedhul saka waliking mendhung
bali lelayaran ing langit tumlawung

Kotabumi, Madya ratri
Nawang Wulan

Pesthining Urip

Lir
Urip iku kanyatan owah gumingsir
Pindhane gangsir golek panggonan ngenthir
Angudi sandhang pangan,direwangi kaya wong kenthir
Mobah masik..maju mundur kadyo sepur langsir..
Kagowo weteng kang tansah ngintir intir..

Lir
Dak gadhang urip tembe bisa silir silir
Lungguh jegang karo medang ngadhang angin sumilir
Urip tentrem nadyan mung dadi sopir
Tanpo ono rasa ati ketir ketir
Pasrah ngalah ati sumampir

Lir
Urip iki pindhane nglilir
Saka pangimpi remuking ati kawiwitan lair
Ginubet rante ubenging roda gir
Kentekan rasa ati nganti kiwir kiwir
Ngoyak bondho nganti kelangan pikir
Apa iki kang aran takdir...
dening : Pujangga Surya

Rabu, 07 Maret 2012

Swasana Ati

Kembange ceplok piring mesem ing antarane cahya radite
Esuk asri binarung laras gegendhingan suka
Manuk-manuk kae tan kendhat anggone memuji
Ing rahina pindha njanjekake bungahing ati
Angajab sumiliring angin
Dadya tepas...
Kang tansah nitipake napas
Ambuncah rerentengane jaladara
 dening : Agoeng Sedayu

Lara Wuyung

Tansah lewung atiku kayungyun,
slagamu tansah nambahi wangun,
dasar ayu lencir kuning
ora mokal atiku dadi koming
mesemo setitik aku wis trimo
keno tak enggo tombo
kangenku rino wengi
tansah lewung tresnaku tan biso lali @.
 
dening : Kei Bodro

Dhandhanggula I

Bebrayaning titah gung puniki
(Dalam kehidupan manusia di dunia ini)

Nora sami sipat ingaranan

(Punya sifat yang berlainan)

Kabeh karanan atine

(Yang tersimpan dalam hati)

Ana sipat kang welu

(Ada yang mudah marah karna kecewa)

Ana sipat kalangkung aris

(Ada yang begitu sabar)

Agemane manungsa

(Itulah watak manusia)

Kang manjing rahipun

(Yang sudah mendarah daging)

Mula kudu pan nglenggana

(Untuk itu kita harus maklum)

Seje anggite miwah sawiji-wiji

(Lain hati lain pula maksud satu dng yang lain)

Ngudi sabaring driya

(Dan belajarlah bersabar hati)
dening :  Agoeng Sedayu

Dananggula II

Nora guna umuk sumbar dhiri
(Tiada guna sombong membanggakan diri)

Den mulata jeroning samodra
(Pandanglah dalamnya samudera)

Lan wates nduwur langite
(Dan langit yang tak berbatas)

Jalma iku mung klungsu
(Manusia ibarat sebutir biji)

Jinejeran gedhening ardi
(Diantara besarnya gunung)

Mula aja sembrana
(Maka janganlah takabur)

Adigang-adigung
(Merasa paling hebat)

Becikira pan mulatna
(Lebih baik kalau bersahaja)

Asung ndhingkluk kang mentes kadya woh pari
(Berprilaku rendah hati meskipun berilmu tinggi)

Ture para waskitha
(Seperti kata orang-orang yang mumpuni dlm ilmu kehidupan)
dening :  Agoeng Sedayu

Cidra

dening : Endutz Mijoyo Suta
Nora krasa
Ratri wus ngambah rong protelon
Hawa atis
Sepi swasana
Amung keprungu gotheking cantuka
Jankrik lan gangsir datan kantun
Nanging netra durung kasdu nendra
Angen gegana ing awang
Ancik-ancik rembulan sumanding kartika
Lam-lamen citranira
Kang lagya tebihing jene
Gene mentala
Nilar rasa liwung ing nala
Den sapa nora swala
Dak jawil datan mosik
Pedah apa panggih
Lamun tininggal lunga
Medhot talining asih
Tindak cidra
Ngrujit ati
Ndodog dada
Ndeder serik ing tyas
Tanpa welas ninggal sih

Jerman

dening : Chimin Why
Jerman oh jerman
amung sak ukara jerman
sliramu wus nora kena dak eman
ninggalake aku tanpa pesan
dak lilakake nimas mugya anthuk begjan

Jerman katone ngono megah
nanging hanjalari bubrah
bubrahing sesrawunganku marang sliramu
hamung karono sak ukara jerman
mungguhing aku jerman kuwi
ora ana liya yoiku jejering kauman

aku ngaturake panuwun..
marang pawongan kang wus kersa gawe ukara jerman
nadjan iku mung kanggo mbanyol
nanging nuwuhke sesrawunganku marang dhiajeng dadi kagol

Mego

dening :Sujoko Jok's
Mego senjo kang sumelang
Mandeng resahing ati sing kebimbang
Rino lan wengi mung tansah ngeteni
Pepujaning ati sing edipeni
Ing pangajap sih samodro
Nganti tumekaning tumiyuping bayu asmoro
Duh Gusti..........
Ngantos mbenjang menopo kang kinasih nyolowadi........

Wis Dak Gurit


Dak gurit tangis panjeriting langit
Kanti tembung prasaja tanpa bala pangirit
Merga manungsa wis lali dununge wirid
Lali ing Gusti ..lali papan winingit
Urip pisan sarwa morat marit
Kebak klilip

Wis dak gurit
Kahanan urip sik kebak slilit
Rekasa ing dunya kebak suwara nylekit
Pindhane tumiba udan kinupeng thathit
gawe panase ati tundhane serik lan sengit
Apa iki jiwaning manungsa kang kena penyakit......

Aku pingin tentrem nadyan mung sedhilit
Bisa mangan,bisa golek dhuwit
Duwe bayar nadyan mung rong kethip
Dadi buruh nadyan mung tukang ngarit
Apa kleruku urip pisan kinempit langit......

Duh Gusti.....kula namung kawula alit
Tetegna iman,tinebihna godhanipun walang sangit
Sandhunganing gesang wewalering jagat alit
Damel sengsara pindha siluman dhemit.
 dening : Pujangga Surya

Ati...........

Ati dadi alit
Marga maksih muda ing sastra basa
Kathah keladuking panyandra
Ngrakit tembung nora pana
Esthining nala sinau basa
Datan melik pangalembana
Parandene isih nandang sujana
Diri kasta sudra
Ora pantes srawung trahing kusuma
Becik mendel tanpa sabawa
 dening : Endutz Mijoyo Suta

Kawruhono duluuurrrr.........

Anteping manah kang kinasah
Tan keno owah ginowo polah
Jejeg ajeg ajejangkah
Ngangsu pitedah
Telik sandining urip
Seketip mboko seketip
Kang sarujuk mungguhing kamulyan
Katentreman lan karaharjan
Kanthi ngaweningake pikir
Tan keno kikir ngedohno fakir
Biso o nglaras lantip ing panggraito
Insya Allah
Sekehing pepalang dadi padang
Sekehing beboyo dadi sirno
Kang wusananipun
Kantuk ngunduh wohing pakarti
Krono kanugrahaning Gusti..........
dening : Sujoko Jok's

Ron Teles

Wengi kang sansaya jero
Sajak gegojegan tumibane banyu udan
Kadya sing dakrungu saka senthong iki
Lan ganda ron teles tansah manjing ing granaku

Netra iki tansah temlawung tan bisa nendra
Geneya atimu tan rinasa
Wewisiking batinku kang ngegla ngegla
Ngemungake wewayanganmu...

Aku tansah mulat ron-ron teles ing pategalan kuwi
Liak-liuk kadi jejogetan
Lan sesingidan gendhing-gendhing kapang
Pindha ngerti gegeterane nala iki

Muga wengi pan midhangetna geguritan iki
Menawa wae bisa asung pitulung
Nglarapake wewayanganireki
Sanadyan mung jroning impen
Dhuh...ratri...
Lamun ati wigar bali semi

Agoeng Sedayu...300112

Selasa, 06 Maret 2012

Kenya Kayungyun


‎ Ora padatan kaya dina-dina sing kepungkur
Lageyane kang lincah, juweh apa maneh kenesmu wus ilang...
Bebasan geni makanthar-kanthar...pet !!!
Mati tan kedunungan lenga

Rina wengi kasraya nglamun
Denya mesem adohing prasaja
Kanggo sapa...?, aku ora ngerti

Nini...
Becik enggal tangiya saka peturon!!
Papagen duratmaka kang nggempil atimu...
Kang tansah ngujiwat ing driya

Samangsa durung kelangan wektu
Kabagyan kang wus ginegem
Menawa wae kuwi kang ginaris pesthi
Praptane karana sliramu.

dening : Agoeng Sedayu ...220112

Maturnuwun, Kakang !

Dak tilingake kanthi premana
Endah swaramu nyengsemke ati
Dangu nora kelingan Sliramu
Amung tansah ketungkul makardi
Apuranen aku, Kakang !

Kawuningana Kakang,
Nimasmu lagi nandhang dhuhkita
Nggrantes angles jroning nala
Nyeseg ampek ngebeki jaja
Mara enggal kersoa paring usada

Nyekara ing talinganku, Kakang
Sarwi elusen rikmaku mawa pengkuh astamu
Emmh.....nyata endah wening swaramu
Jumbuh karo jatmika pasuryanmu
Muga dadia tamba nggenku sungkawa

Rengkuhen anggaku ing jajamu, Kakang!
Kareben sunrungu swara keteg jantungmu
Arasen pipiku mawa tembang-tembang edimu
Nadyanta eluh iki tansah tumetes mili
Endah swaramu kuwawa ngurangi kingkinku

Sunshine on my shoulder makes me happy
Sunshine in my eyes can make me cry
Sunshine on the water look so lovely
Sunshine almost always make me high
Maturnuwun Kakang, paringe panglipur.

Bawen, enjing edi, 10022012
Biyung Amie Williams

Pitakon iki


dening : Agoeng Sedayu
‎ Mung kari cakruk parondhan iki
Kang setya tuhu ngancani...
Ing wengi kang wus kemul sepi

Anggegawang duking uni
Esuk kang asri binarung swaraning peksi
Ijoning ron...
Kang setya nampek panasing madyaning rahina

Nanging kabeh wus padha sirna
Kabeh wus ora nana
Bumi kadya nalingsiring kodrat
Mangsa kesasar susur
Lesus lan lindhu kalarap mring titah
Bebanten padha pating cekekar

Apa pancen bumi wus kepangan yuswa,?
Apa mung pacobaning Hyang Manon

Iki mung sasmita ing batin
Ngemungna sabdaning Gusti
Mungkura ing culika kaki
Gemi ambuncah angkara
Sadurung laknat yekti tumiba.

Loro wuyung


Kei Bodro

Tansah lewung atiku kayungyun,

slagamu tansah nambahi wangun, 

dasar ayu lencir kuning 

ora mokal atiku dadi koming 
 
mesemo setitik aku wis trimo
 
keno tak enggo tombo 
 
kangenku rino wengi 
 
tansah lewung tresnaku tan biso lali @.

Prenthuling Pangglocita


Ngungak gegana katemu cuwa
Mung mega-mega tuna wicara
Megeng napas sarwi nyurasa
Geneya ta kok durung nendra

Clingak-clinguk kadya wanara
Betheke nggennya luru mitra
Tintrim lan sepi tanpa sabawa
Pindha Kurusetra sawuse purna

Hmm, dakgawa lunga ngumbara
Miyaki lurung-lurung panglocita
Tinampa suwung tanpa gantha
Apa wus musna sakehing sedya

Manjing wahya sumurup surya
Katon rinengga ing warna jingga
Kabeh karasa sepa ing pangrasa
Nyenyet sepi samun sureming driya

Bawen, Ratri kekes 06022012
Biyung Amie Williams

Cidra


dening : Endutz Mijoyo Suta
 
Nora krasa
Ratri wus ngambah rong protelon
Hawa atis
Sepi swasana
Amung keprungu gotheking cantuka
Jankrik lan gangsir datan kantun
Nanging netra durung kasdu nendra
Angen gegana ing awang
Ancik-ancik rembulan sumanding kartika
Lam-lamen citranira
Kang lagya tebihing jene
Gene mentala
Nilar rasa liwung ing nala
Den sapa nora swala
Dak jawil datan mosik
Pedah apa panggih
Lamun tininggal lunga
Medhot talining asih
Tindak cidra
Ngrujit ati
Ndodog dada
Ndeder serik ing tyas
Tanpa welas ninggal sih

Ayang-Ayang


Agoeng Sedayu

Geneya tansah ngranuhi lakuku?
Tansah ngegla katrajang sunaring surya sing lagi bramantya
Yen nggawa rubeda, becik enggal sumingkira
Sirna bareng rerentengane jaladara

Ayang-ayang...
Catheten tumapaking sikil iki
Nadyan mung sapada
Dimen aku bisa ndulu ing wayah wengi
Supadi bisa dadi paitan
Anggonku ngudi pasinaon
Miwah jantraning lelakon urip iki

Netra iki tansah ngajab sadurung nendra
Sesingidan marang impen kang bisa mbabar tuladha
Ing wanci bisowa nginger
Sadhengah lelakon kang minger

Cidramu


dening : Agoeng Sedayu
 
Cidra iki wis kadhung tandhes pinggeting nala
Kertas putihku kuluban irenging mangsi karana tanganmu
Surasane peteng nora kadulu
Nadyan mung ayang-ayangmu

Latar atiku saiki wis cengkar
Ijone ron wus padha aking
Sumlebar dadi larahan
Kembange mlathi uga mati
Kemleyang ginawa angin
Padha gogrog tan bali semi

Geneya aku kudu mbelani?
Apa maneh nggondheli
Yenta saiki trubus...rone wus kinukup liyan
Nadyan rinasa perih sakeng eri
Aku mung bisa andum basuki
Wanci sing keri...kariya rahayu

AS...

Nalika mbulan Kumambang


Pujangga Surya

Dak sawang lintang gojek ing awang awang
Gawe kidung langit ukarane tembang
Wanci wengi katon asri wis sinawang
Gawe ati bungah nglalekake sakabehe panandang
Lungguh dhingklik sinambi mangan kacang
Sikil ongkang ongkang

Dak awe konco sanak lan kadang
Nalika wengi mbulan wis kumambang
Ing sajroning tlogo pepager suket lan alang alang
Pinangka kaca benggalaning urip ing alam padhang
Anggayuh begjo iku tansah kebak pepalang
Ngupadi mukti pancen ora gampang

Nalika mbulan wis kumambang
Leremna ati kang mongah abang mbranang
Ngoyak bondho sarwo nggrangsang
Sumendheyo,angonceki rasa sing wis kinancing lawang
Eling Gusti kang peparing pangan lan sandhang
Kanti dzikir wengi tumekaning gagat rahina njingglang

Nalika mbulan kumambang
Asahno rasa pindhaning pedhang
Kanggo sangu lumaku amiyak jagat gesang
Supoyo ati tansah ora mamang.

Ing Lurung Semu


dening : Nawang Wulan

Wengi biru
Kijenan negesake wektu
Mbujung playune werdining tresnamu
Awit pangapus lan jiret semu esemu
Kinemulan janji palsu

Katresnanmu...
Yagene mung kokampirake ing panglamunku
Yagene mung dadi impen-impen endahku
Lan wungkul ing alam maya paite katresnanku
Memerih tatu tlapukaning netraku

Terus lumaku
Luru lan luru
Ing lurung semu
Ngasi ketemu
Werdi endahing tresnaku

Kotabumi, Meh rahina
NW

Tingkas


dening : Amie Williams

Hmm....endahe parak esuk
Praptamu bakal dakpethuk
Nadyan mripat isih ngantuk
Jam muni manthuk-manthuk
Adheme uga wis ora nruthuk

Daksawang mangetan katon
Cahya bang sumamburat
Trontong-trontong anelahi
Kakang Bagaskara arsa mijil
Ngaras wadana nyai Pertiwi.

Sagung titah gya kekridha
Hangayahi darmaning gesang
Ngibadah, makarya sabisa-bisa
Mrih jejege sakaguru kluwarga
Denlakoni kanthi tulusing rasa

Bawen, parak esuk 12022012
Biyung Amie W.

Senin, 05 Maret 2012

"Geguritan"


dening ; Kei Bodro

Gurit iku soko tembung Guneme panjerit,
yo iku panjerite ati kang ditulis dadi ukoro kang endah.
Kang sarwo pasemon kang mengku suroso,
lan makno , opo kang dadi panandanging roso,
rasane ati , kang nuduhake, bungah, susah .
Seneng tresno lan laraning ati.
Namung sumonggo karso anggone podo ngracik tembung lan boso, merdiko merdikane toto kromo. 
Lamun dowo ojo kedawan, lamun cendak ojo kecendaken, supoyo miroso diwoco ora mboseni malah ngangeni.
Biso dadi tombo ati kang lagi keloro loro, geguritan pancen tembung prasojo, gampang ditompo lan disuroso, yo iku endahe boso Jowo kang sinastro ing aksoro.
Monggo dilestarekno cik biso ngembang ngremboko, piwelinge soko cak Bodro. 
Wonten lepat nyuwun sepuro ..@

Wengimu-wengiku


by ; Amie Williams
Wengimu wengiku kalimput pedhut
Ngranggeh esem rembulan kirana
Kang ngawe-awe nyasmitengtyas
Gya padha malbeng palereman

Mangkana dayaning sirep aguna
Tumama ngena tumus ing rasa
Kekes rumesep telenging nala
Katon kukuh nanging tankuwawa

Ratrimu ratriku mbirat rasa risi
Silih mbabar crita kebak werdi
Nadyan muhung ana gurit niki
Isih bisa nguswa endahing sepi

Bawen, ratrisepi 06022012
Biyung Amie Williams.

Kusumaning Ayu


dening ; Endutz Mijoyo Suta
Tansah lam"en citramu
Angreridu saben tumapake suku
Esem kang pahit madu
Tansah ndodogi kalbu
Liringing netramu
Guncang jantungku
 
Ohh nimas kusumaning ayu
Geneya amung wewayanganmu
Kang prapta angreridu
 Kepengen dak aras pipimu
Geget lathimu
Dak kekep kanthi menebing kalbu
Kapan praptamu
Rina wengi tak antu
Usadhanana turidhaku

Isih Tuhu


dening : Agoeng Sedayu
‎ Nganti seprene nggonku ngupakara
Kembang kang rinonce nuwuh'ake trnyuh kabagyan
Duk nalika semana
Nalika sami cinaket raga

Wis pitung mangsa
Pamitmu tumuju lelana
Kairing waspa gung ing netra
Tan kuwawa lathiku cucul swara

Duh Nimas...
Tansah dak simpen reroncening puspa iki
Dakaras saben wektu
Ing kapang jroning atiku

Nimas...
Nganti mangsa pungkasan iki
Lir putih wus ngrembaka ing rekmaku
Nanging Aku isih tuhu
Nganti-anti praptamu

AS...210112

Jumat, 02 Maret 2012

Jerman


Chimin Why

Jerman oh jerman
amung sak ukara jerman
sliramu wus nora kena dak eman
ninggalake aku tanpa pesan
dak lilakake nimas mugya anthuk begjan

Jerman katone ngono megah
nanging hanjalari bubrah
bubrahing sesrawunganku marang sliramu
hamung karono sak ukara jerman
mungguhing aku jerman kuwi
ora ana liya yoiku jejering kauman

aku ngaturake panuwun..
marang pawongan kang wus kersa gawe ukara jerman
nadjan iku mung kanggo mbanyol
nanging nuwuhke sesrawunganku marang dhiajeng dadi kagol

Wis dak Gurit


Pujangga Surya

Dak gurit tangis panjeriting langit
Kanti tembung prasaja tanpa bala pangirit
Merga manungsa wis lali dununge wirid
Lali ing Gusti ..lali papan winingit
Urip pisan sarwa morat marit
Kebak klilip

Wis dak gurit
Kahanan urip sik kebak slilit
Rekasa ing dunya kebak suwara nylekit
Pindhane tumiba udan kinupeng thathit
gawe panase ati tundhane serik lan sengit
Apa iki jiwaning manungsa kang kena penyakit......

Aku pingin tentrem nadyan mung sedhilit
Bisa mangan,bisa golek dhuwit
Duwe bayar nadyan mung rong kethip
Dadi buruh nadyan mung tukang ngarit
Apa kleruku urip pisan kinempit langit......

Duh Gusti.....kula namung kawula alit
Tetegna iman,tinebihna godhanipun walang sangit
Sandhunganing gesang wewalering jagat alit
Damel sengsara pindha siluman dhemit.

Kawruhono duluuurrrr.........


Sujoko Jok's

Anteping manah kang kinasah
Tan keno owah ginowo polah
Jejeg ajeg ajejangkah
Ngangsu pitedah
Telik sandining urip
Seketip mboko seketip
Kang sarujuk mungguhing kamulyan
Katentreman lan karaharjan
Kanthi ngaweningake pikir
Tan keno kikir ngedohno fakir
Biso o nglaras lantip ing panggraito
Insya Allah
Sekehing pepalang dadi padang
Sekehing beboyo dadi sirno
Kang wusananipun
Kantuk ngunduh wohing pakarti
Krono kanugrahaning Gusti...........

Sesinglon


Endutz Mijoyo Suta
TOPENG

Prasapamu tan tulus
Ucapmu amung ing lathi
Tumindhak lan pakartimu adoh saka prasetyamu
Ulat manis
Esem kang ngujiwat
Jebul sarana sesinglon
Anutupi nistha tumindhakmu
Kiramu aku nora sumurup
Merga pikir katutup nafsu
Bukaken topengmu
ungaken jati dirimu
Balia marang kewajibanmu
pupusen pangangen ira
Aja kongsi sesingit
marga tanpa guna

Ems,kra

Jaman iki


Agoeng Sedayu
 
Wengi wus kari separo
Lir semribiting angin
Lintang-lintang kang mesem
Durung anjawab pitakoning rahina

Nalika ron padha garing
Sato lan taru kepangan gering
Nandur pari mung tuwuh aking
Datan karana kridhaning Srengenge

Ngrantes rasa mulat jeriting bumi
Anggane kadya tumelung
Nggendhong kahanan kang samsaya gawe bingung

Sumilak reridhu muwus reridhu
Ing ndhuwur durjana
Ngisor muwus duratmaka
Samya anjilma rayap...
Anjilma dadi ama...
Kabeh padha ngereg sakaning praja
Padha nyesep rahing kawula
Saiki kawula wus padha pralaya

AS...210112

NETYANING TYAS, WULANKU


dening : Tejo Wulan

Ing ngendi parane konang Yayi
Awit wengi iki nora katon ing pang trembesi
Lintange tidhem langite sumilak sepi
Nutupi arum endahe kolam tamansari

Ing ngendi parane rembulan Yayi
Sing biasane manther ing sela-selaning gegodhongan
Apa wus ora setya lan lali marang kaendahan
Yagene malah ndelik ing waliking pesamunan

Keli...
Awor larahan lan tangise widodari
Mung angen kang setya ngancani
Nali sepi..ing sadawaning wengi

Dening : Tejo Wulan
Kanggo : Nawang Wulan
Ing sapi nggiring wengi

Ngundamana


Agoeng Sedayu

Apes nasibe bangsaku
Tanbisa pener nglari pepener
Apa pancen netrane wis siwer
Subya-subya nganti ragane klenger
Mung antuk wakil kawula keblinger

Wisma gung walining kawula saiki panas hawa...
Sura dira jayaningrat
Sura-sura anggone ngecu
Teteg mbabah nadyan ngegla dinulu

Dira-diraning ratu Baka...
Mentala nggaglag rah kadang kawula

Jaya-jayantining iblis
Lunjak-lunjak neng ndhuwure tangis
Kratone umpakan ndhase wong cilik...
Sing tansah kejepit...matane mendelik
Nanging tan bisa kelik

Panguripanku


Endutz Mijoyo Suta 
Sewu dalan dak pecaki
Lumaku kanthi permati
Ngendikang ana marganing rezeki
Pinayungan wiyati
Udan lan panase surya
Kinarya kanca laku
Sawiji sun esthi
Sandang panggan kang wus mesti
Muga gusti ngijabahi
Pinaringan rezeki
Barokah tumrap gesang mami

Kamis, 01 Maret 2012

Tresna Iki


Nawang Wulan
Tresna kuwi kadya wulan kang lagi ndadari
Tresna kuwi ati loro kang dadi siji
Tresna kuwi rerangkulaning rina lan wengi
Tresna kuwi ngrenggani impen-impen kang edi
Tresna kuwi dudu wewengkon birahi
Tresna kuwi kekanthine asta tumuju swargi
Tresna kuwi prasasti janji sabaya pati
Tresna iki amung sliramu sawiji

Gombale Mukiyo


dening ; Agoeng Sedayu
Aja SOK GAMPANG JANJI WONG MANIS YENTA AMUNG LAMIS
Tak aturake tembung iki marang sliramu kabeh
Sliramu...hee !!!
Para Pamangku lan nayakaning Praja

Nang endi dununge Sabda Pandhita Ratu kang dhatan wola-wali
Dene ngedikane Ratu lan Nayakane menangka Sabda
Kudu jumbuh omong lan kasunyatane
Jumbuh lambe lan atine

Bebasan panah wucul saka gendhewa kudu kena sasarane lan ora mencla-mencle,

Ngandharake tembung becik nalika manjing
Hananging ora trep nalika lungguh ningkring

GOMBALE MUKIYO,, !!!

Pepeling


Endutz Mijoyo Suta

Kanca
Atur panuwunku
Tanpa pepindan
Jeneng sira kasdu galihmu
Paring pepeling
Marang tindak lan tandukku
Kang singlar kasusilan
Dak buka korining nala
Tanpa wigah-wigih
Malah kanti weninging tyas
Dak simpen lan kasinau
Pepeling saka sliramu
Aku nora runtik
apa maneh cuwa
Jer manungsa adoh saka sampurna
Matur nuwun kanca
Muga sinanding rahayu

EMS_saka tapel wates karanganyar-boyolali

Bungah


karipta dening : Endutz Mijoyo Suta
Bungah pindha kajugrugan wukir sari
Bisa ngangsu kawruh jawi
Group geguritan ingkang dadya nami
Mugi babar ngilmi
Murakabi mring sesami
Matur nuwun kadang mami
Nawang wulan kang dadya nami
Wulang wuruk kang sun esthi
Saking para winasis ing mriki
Mugi rahayu sedaya sami