sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Kamis, 14 Juli 2022

SANGGAN

Dening J Sumarto

Saumpama
Sliramu pirsa sing ndak gawa
Kamomotan trisna
Kang mbok sisipake ing atiku
Temtune, Luh bakal rumembes
Saka endahe netramu
Waspa ora bakal kendat
Tumurun nelesi bantala Iki
Lan lumintang bakal surem
Ing atimu
Sliramu
Amung wewayangan kapang
Sajerone ngadebi urip
 
250622

Rabu, 13 Juli 2022

TANGISE BUMI PERTIWI

 Dening J Sumarto


Sabanjure,
Getih luntur ing bantala
Luh dlumewer saka netra
Nyawang ing kaca
Para putra bangsa
Andum tembang sesongaran
Para paraga
Nindakake laku pancakara
Melik Urip kadonyan
Rungokna pasambat lara
Bukaken kupingingmu
Ana sesambat ngayuwara
Kang Nandang lara
Rerintihan
Kadya jangkrik ngerik
satengahe unine bedil gas
Apa sliramu mentala
Nyumurupi kahanan punika
Apa hora ana ing jiwamu
Rasa duhkita ?
Mbok uwis
Dilereni pancakara iki
luwih aji bangsa
Tinimbang kekareban dadi panguwasa
230519

KLAYAR

 Dening J Sumarto


Gumuruh ombake samudra
Gulung gumulung lumaku
Kagiring sumilire angin
Ing pinggire samudra biru
Kadya nom-noman, lumayu
Nguber penine lelumban asmara
Endah pancen endah donya
Ing wektu iku,padha guyon bebarengan
Lan kalane sikil iki lumaku ing pinggir
Napaki butir-butir pasir putih
Jumangkah aku ngadek ing karang
Guwang panyawang ing tengah segara
Ngadek, gejejer lan gemeter
Meruhi lakune banyu sansaya banter
Ing kene aku katon cilik
Ora duwe daya kanggo nglirik
Kapal layar lan pesiar
Amung dadi satitik
Mulat satengahing urip
Ubyang ubyung mung nglilip
Tan ana eling marang sing gawe urip
J sumarto,120316