sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Minggu, 05 Oktober 2014

NgGandul....

Dening ; Kang Raden


geyang-geyong tak rewangi nggembol suwara
suwara mau mung klesiking nala
ora ana ...sapa wae sing weruh
amung ati iki sing tansah ngreridhu
sejatine sliramu damang
marang sakabehing suwarane atiku
nanging sliramu kaya njarag
supaya ora ora weruh
kabeh wis tak sandhang
ora apa-apa....
muga betah apa sing tak kandha
muga anteng sajroning kreneng
atiku nyuwara aneh
banjur aku kudu piye....?
( 150914,kang raden ) kagem slirane.

Lelakon

Dening ; Chimin Why

lika likune lelakon
kadang kaku kebak pitakon
takon tan ana wangsulan
pating prentul kadya suket
nedenge tukul ing mangsa rendeng
kang bungah padha jumangkah
kanthi gleyah gleyah nadyan laku salah
kang susah nyebar panggresah
ana sing meneng nanging kanthi nggremeng
kadya kombang ambrengengeng

Gara Gara,,,

Dening : Indra Yudha P

Parak esuk nglumbrang gandaning puspita
Gebering wayah kawiyak
Bubrah
Apa wis wancine….
Jagad sak isine….
Jalma sak asmane ilang sebute?
Bumi bengkah gonjang ganjing.
Alas suwung tanpa tanduran
Sato kewan nunggal dadi wataking jalma
We……lhadalah!
Jalma dadi kaya tikus clurut
Sembarang kang ana dimangsa
Kewan- kewan isih duwe rasa welas
Jalma babar blas!
Wong padho nglethak wong
Saben dina ribut mburu benere dhewe.
Kemprungsung
Pungkasane kabulet bandha..
Rasa kamanungsan mati
ditunggangake bandhosa kaserakahan.
Gara –gara Jabatan dadi jotosan
Dhuwite negara dadi rayahan
Gara-gara dhuwit,pitenah kawudal
ilang paseduluran, dadi iri dengki srei kang tuwuh.
Permusuhan lemu ginuk-ginuk
Mlaku- mlaku ing atine para kawula.
Gara-gara nafsu, anak tega diuntal dhewe
Mata melek naging ora wanuh
Kuping krungu nanging ora ngerti.
Wee…….lhadalah!
Gara-gara…
Kawula wani nglamak marang panguwasa
Amarga panguwasa daksia.
Gara –gara..
Apa isih ana ati kang tulus iklas
Kang nyebar katrenan tulus.

Wengi Iki


Lampu remeng-remeng
Sadalan-dalan kebak kupu-kupu lan jangrik
Padha gegojegan, padha jejogogedan
Nyebar madu racun
Nanging Dewa daru isih gagah wibawane
Sansaya suwe tangan-tangan gumratil golek
senenge
Kaya semut ngrubung gula
Sinawung eseme ana lara tangise
Linali cedake swarga lan neraka
Aku mung gumuyu gegirisi ati
Uga sing liya wis ora peduli liya
Ngunggungake “apatis” lan “egois”
Aku mesthi padha, nyata iki meneng wae
Mung sinawangan lan ngademke ati

Kuping

Dening ; Irul S Budianto

kupingku kupingmu kupinge sapa
kuping sing mujud saka trekahe mangsa
lan swara-swara sing pijer mbenging
kaya nggugat playune bedhidhing
kupingku dudu kupingmu
dumadakan budheg yen krungu swaramu
lumer nanging bisa mecahake watu!
Hotel Lor In, Sept. 2014