sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Kamis, 01 Maret 2012

WHOALAAAH, JEBUL MUNG......


dening ; Amie Williams
Kemrosak swara luruhing banyu udan
Kuwawa nggugah nggeningsun nendra
Ah, ana-ana wae ta kowe ki !

Lagi wae dakkekepi endahe ratri
Dakarasi wola-wali lembut manising lathi
Konjem kerem ing ombaking jaladri
Pindha mina bagya ceciblon slira-sliri

Raket kekanthi tan ginggang sarikma yekti
Silih nyuntak kapang kang kabendung wingi
Katon sumringah wadana cumithak maesi
Kang lagya panggya andum suka asmarani

Daya-daya ingajab wektu kapenggak lumaku
Kareben tutug nggennya lelangen niku
Dhuh...Gusti mugi kapanjangna endahing dalu

Dhueeer....dhimas Bledheg ngganggu kridhaku
Nora ngerti pa pancen sengadi, merga meri
Daleweran riwe anelesi pipi, aku njur tangi
Ohh.....pranyata kabeh mau amung ngimpi.

Madyaratri, 11012012
Yung Amie

Tidak ada komentar:

Posting Komentar