sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Selasa, 19 April 2011

Tanpo Judul

Ndut Haryanto, 10 April 2011


sliramu adoh kadyo rembulan
sanajan adoh tansah tak roso sunarmu
madangi petenge ing wayah ratri

nanging...
sliramu cedak kadyo angin
tansah biso tak roso tekamu
nanging ora biso tak candak
ugo moto ora biso nyawang wujudmu

opo salahku kudu tak liwati bengi iki...
pancen endah mergo sunarmu tansah madangi atiku
nanging kudu tak roso ademe angin wengi iki
nujem jero tumekane balung

cah ayu...
sliramu kadyo endahe rembulan
ugo anyep kadyo angin wengi

PANJERITE' ATI

Nalika tak laras pasuryaMu
tak sawang tukul taman kang asri,
kae' pantisari awe'-awe' kita e'nggal rumaket,
Nimaass. .
Sawangen toh kae',sawangen kae' para mina pada lelomban andum katresnan,ing pojoke' sendang taman,nanging ge'ne'a rasa iki mung kandek ing core'tan gambar wit-witan,oyote' semrawut mbulet karep
Tak wolak walik bantalku,tak kipatake' kemulku,tak gole'ki sliraMu ing cepitane' bayang,sliraMu panggah samar ora nyata,nadyan wis tak suwir-suwir petenge' wengi.
Duuhh..Gusti..
Ye'n kepareng kula nyuwun,mugi-mugi e'nggal nyata secotya ne' nala,supados paring sentir,mring ati kula ingkang kados jrone' pase'tran,
saiki aku wis e'ling,wis sadar Nimaass..ora tak se'laki,ora tak ukiri wong ayuu. .ye'n aku tresna sliraMu.
Rugokake' Nimaass. .iki panjerite' atiku,,¤¤

Wisnu Murti, 15 April 2011

Mungguh Bisa

Tresna iki,,,
Nadyan tumekane kapan
Galih sekar kirani katresnanku
Sawiji ora bakal sirna sangka ati
Rina ilang tumeka ing wengi

Mungguh wektu bisa bali kawuri
Aku lila,,,
Yen ta kudu dak tebus pupusing nyawa
Nadyan mung sedhela
Nadyan tresna iki ora bakal nyawiji
Nadyan ora kudu tak duweni


dening : Tejo Wulan

URIP TANPA RASA

Nalika uripe nemu rubedo
Sesambate ngaluara
Kadya gunung bakal jugruk
Nalika swara kang tumucap wis ora di percaya
Kadya urip tanpa mbejaji

Padhange rahina dirasa tanpa srengenge
Lakune ngetutke obahe ati kang kebendung suwung
Yen wengi tumeko
Mung nyawang kumerlipe lintang ing angkasa
Angen angen sansoyo nglombro
Sunare rembulan tan bisa mandhangi atimu kang sansoyo ndhedet
Ing jagad lelimengan

Tumekane kapan uripmu tanpa rasa
Urip tanpa werno

Sawangen kae ing taman sari
Kembang mlati katon endah
uripe katon subur
Nadyan mung kesiram tetesing embun


Ahad, 2011
dening : Rindi Anyndyianingrum

SUWUNG

Klaten, Ahad 2011
dening : Sejuk Ditengah Gurun


Aku koyo wong bingung

Pikiranku ugo melu linglung

Amargo ora biso nguntapke unek unek kang kabendung

Mlaku mrono mrene tansah kesandung sandung

Pingin rasane guluku tak jiret dadung

Duh gusti kenging menopo gesang kulo katön kedawung dawung

Duh gusti sedanten pniko npo pacoban ingkang kulo lampahi hanamung,

Kulo suwun pacoban puniko ampun ngantos kedlarung dlarung...

AMIN