sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Senin, 06 Desember 2010

Dolanan bocah tradisional


Rikala dalem alit rumiyin, kathah sanget dolanan-dolanan tradisional ingkang dilakoni kaliyan rencang-rencang. Dolanan biasane wonten latar omah kang jembar ugi wonten lapangan. Biasane wonten bocah sedoso luwih ingkang kempal. Dolanan-dolanan khas bocah-bocah jawi, inggih meniko kadosto :

* Jamuran
* Lithungan (istilahipun wonten basa indonesia petak umpet)
* Blodor, wonten daerah sanes kasebat gobak sodor
* Jagoan
* Sudhamandha, dolanan ngagem gacok(saking gendheng bata) lajeng bocah lompat beto gacok miyos kotak-kotak bujursangkar
* Cublak-cublak suweng
* Dakon
* Bal Kasti
* Lumpatan, ngagem tali ingkang didamel saking karet dipun rangkai, lajeng digoceki kalih bocah loro, bocah liyane nglumpati tali ingkang dhuwure wiwit sak dhengkul dugi sak dedegan
* Uthat
* Pasar-pasaran (ngagem godhong-godhongan lan kembang sekitar omah)
* Gatheng utawa bekelan
* Dolanan kecik, saking isi sawo
* Thung-thung balung

Lan taksih kathah malih, dolanan-dolanan ingkang rumiyin pas alit, kadosto layangan, egrang, blusukan wonten kali, sawah, pekarangan kaliyan rencang-rencang. Dolanan boten namung wayah awan, ananging ugi nate dalu(wengi) saklebar ngaji wonten langgar.

Dolanan-dolanan kasebat wonten nginggil, mbok menawi wonten daerah sanes kadang wonten ingkang istilahipun benten. Mbok menawi rencang-rencang ugi nate dolanan kados meniko naliko alit.

Kulo kinten, dolanan-dolanan bocah tradisional meniko sae sanget, kejawi nglatih kekiyatan fisik(raga) ugi ngajaraken geguyuban, srawung, kerjasama, kekompakan, lingkungan sak kiwo tengen lan liya-liyane.

Nanging, sakmeniko, sebagian dolanan-dolanan meniko, sampun arang didolana, kados sami kesisih kaliyan dolanan elektronik ingkang luwih ijen(individual) kados game komputer, playstation, ugi tontonan tivi. Malah mbok menawi kathah bocah-bacah (lare-lare) ingkang sampun boten paham dolanan-dolanan khas jawi meniko. Kados boten namung wonten kutho ageng, wonten desa mawon sak meniko kados nggih sampun sami arang bocah-bocah ingkang dolanan bareng, boten serame naliko dalem taksih alit.

Mbok menawi, meniko saged dados renungan kito sedoyo, supados dolanan-dolanan bocah tradisional khas jawi boten ical kegeser jaman.

Nyuwun pangapunten menopo taksih wonten tembung ugi ukara ingkang dereng leres, taksih campur-campur. Kanthi leganing manah, nampi pembetulan

Rabu, 24 November 2010

Papesthen

dening : Rocmat Basuki

nalika semana lakumu sumunar kadya rembulan ing wengi
sarwa padang njingglang kang tinuju
kebah esem lan mongkok ing ati
...ora ana kang gegang ing karya
nalika semana lakumu jejeg nembus langit
nyawang lintang kang kerlap kerlip
saiki lakumu beda kasinungan bandha donya
katerak ayuning wanodya
sempyok ombake kahanan
saiki lakumu marani papesthen
papesthening urip
saiki kudu nyadong urip kanthi papesthen
...............
papesthen .......... urip................

Sabtu, 13 November 2010

Panyuwun

dening : Tedjo Wulan

Pasuryamu sing Bening
tumiba ing banyu mili turut Pletheking surya
saya suwe tan saya adoh
Ninggalake sepi

...Tan ana sabawa grumisiking alang alang
aku mung bisa nyawang
Pasuryamu sing kagawa banyu mili turut kali
Nganti datan katon kasaput pedhut...............

Kasambung dening : Nawang Wulan

Ora ngerti dak pindha pindha atiku
Ora ngerti dak rasa rasa atiku
Dek biyen ngasi seprene
dak antu antu tumurun kabegjan sejati
Kango sliramu yo sisihanku
...tetep tak kanthi.........

Rabu, 29 September 2010

Makna Tafsir Sluku-Sluku Bathok

Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung mutho
Pak jenthit lolo lo bah
Yen mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip golekko dhuwit

Seorang guru saya memberikan pencerahan siang itu. Pak Nunuk namanya. Hidup – katanya – tidak boleh dihabiskan hanya untuk bekerja. Waktunya istirahat ya istirahat, untuk menjaga jiwa dan raga agar selalu dalam kondisi seimbang.

Lagu jaman Wali Songo menuturkan: Sluku-sluku bathok, bathok (kepala) kita perlu beristirahat untuk memaksimalkan kemampuannya. Kalo diforsir terus bisa aus, stress, hang, macet daya pikirnya.

Bathoke ela-elo, dengan cara berdzikir (ela-elo = Laa Ilaaha Ilallah), mengingat Allah akan mengendurkan syaraf neuron di otak. Lalu Si Rama menyang Solo, siram (mandilah, bersuci) menyang (menuju) Solo (Sholat). Lalu bersuci dan dirikanlah sholat. Saya ingat ada kutipan berbunyi: Jadikanlah sholat itu istirahatmu. Lalu apa fadhilah sholat?

Oleh-olehe payung mutho, yang sholat akan mendapatkan perlindungan (payung) dari Allah, Tuhan kita. Kalo Allah sudah melindungi, tak ada satupun di dunia ini yang kuasa menyakiti kita. tak satupun.

Pak jenthit lolo lo bah, kematian itu datangnya tiba-tiba, tak ada yang tahu. Tak bisa dimajukan atau dimundurkan walau sesaat. Sehingga saat kita hidup, kita harus senantiasa bersiap dan waspada. Selalu mengumpulkan amal kebaikan sebagai bekal untuk dibawa mati.

Yen obah medeni bocah. Saat kematian datang, semua sudah terlambat. Kesempatan beramal hilang. Banyak ingin minta dihidupkan tapi Allah tidak mengijinkan. Jika mayat hidup lagi maka bentuknya menakutkan dan mudharat-nya akan lebih besar.

Yen urip golekko dhuwit. Kesempatan terbaik untuk berkarya dan beramal adalah saat ini. Saat masih hidup. Pengin kaya, pengin membantu orang lain, pengin membahagiakan orang tua: sekaranglah saatnya. Ketika uang dan harta benda masih bisa menyumbang bagi tegaknya agama Allah. Sebelum terlambat, sebelum segala pintu kesempatan tertutup.

Jumat, 24 September 2010

Wong Brewok Nyalawadi


Wis udakara telung dina iki, Husein mulihe sekolah tansah telat terus. Sing biasane jam loro awan dheweke wis tekan omah, telung dina iki mulihe mesthi nyedhaki wayah magrib. Mesthi wae Pak Usman lan Bu Usman, wong tuwane Husein dadi mikir, sakjane lunga menyang ngendi bocah kuwi. Yen nilik sipat lan solah bawane, sakjane Husein kuwi bocah sing meneng ora seneng neka-neka. Dheweke uga manut marang wong tuwa lan tememen sekolahe. Nanging kena ngapa dumadakan dheweke kerep mulih telat lan yen ditakoni kaya endha mangsuli sak kecap rong kecap.
“Coba Ban, tulung tlisiken menyang ngendi parane Husein yen mulih sekolah,” panjaluke Pak Usman marang Bani, kanca cedhake Husein sing uga gumun karo tingkahe Husein.
“Nggih, om, mangke yen wangsul sekolah ajeng kula buntuti dhateng pundi lungane Husein,” wangsulane Bani.
Nalika mulih sekolah, kaya biasane, Husein mesthi lungguh ana ing ngisor wit ringin njaban pekarangan sekolah karo thingak thinguk kaya ana sing ditunggu. Dene Bani sing kawit mulih sekolah njarak arep nlisik Husein ndelengi saka kadohan. Dumadakan ora let suwe ana mobil sedhan werna ireng sing mandheg ing ngarepe Husein. Saka njero mobil mau metu pawongan sing nganggo klambi ireng, clana jeans, topi pet, nganggo kaca mata ireng lan brewoken. Tampange persis kaya penjahat ana ing film-film detektif kae.
Bani kaget dene kanca kenthele sing pendhak dina mangkat mulih sekolah lan dolanan bebaregan saiki duwe pasrawungan karo wong sing rupane serem mau. “Sapa ya, aja-aja penjahat, penculik uta-wa bandar Narkoba,” pandakwane Bani sing ora-ora ing sakjroning ati.
Sakwise guneman sedhela, Husein karo Wong Brewok nyalawadi mau mlebu mobil lan langsung lunga embuh menyang ngendi. Bani sing wingi wis diparingi sangu supaya dadi “detektif swasta” dening Pak Usman uga enggal numpak taksi lan mrentahke supire taksi supaya ngetutke mobil ireng sing ditumpaki Husein karo wong brewok mau.
Sakwise nempuh perjalanan rada suwe mobil sedhan ireng mau mandheg ana ing omah tuwa ing Jl Sawo II No 17, Husein lan wong brewok nyalawadi mau mlebu omah lan embuh apa maneh sing ditindake ora ana sing ngerti. Sakwise nyathet alamat mau, bani enggal–enggal mrentahke supir taksi supaya ngeterke menyang omahe Pak Usman .
Sakwise tekan ngomahe Pak Usman, dheweke paring pelapuran marang wong tuwane Husein.
“Dadi iki alamate wong brewok nyala-wadi kuwi ya, Ban?”pitakone Pak Usman nalika nampak kertas catetan alamat omah tuwa mau.
“Leres, Om, mboten klentu anggen kula nyathet,” wangsulane Bani .
“Kira-kira pandakwamu apa, Ban, marang wong brewok nyalawadi mau ?” pitakone Bu Usman.
“Kadose kok awon, mbok menawi Bandar Narkoba, wah bahaya yen niki leres,” wangsulane Bani.
“Wah yen nganti Husein dadi korban Narkoba, cilaka tenan, apa tindakane dhewe, Pak?” pitakone Bu Usman .
“Sesuk aku arep nggawa pulisi lan kancanana, Ban, bubar sekolah pawongan mau arep tak grebeg,” Wangsulane Pak Usman.
Awan sakwise sekolah, Bani, Pak Usman lan om Joni adike Pak Usman sing dadi pulisi ngetutke lakune mobil ireng sing ditumpaki wong brewok karo Husein mau. Kaya wingi-wingine sakwise teka ing omah tuwa ing Jl Sawo mau mobil ireng mandheg lan sing numpak mlebu kabeh ing omah tuwa mau.
“Sak iki titi wancine nggrebeg wong brewok mau, ayo langsung mlebu wae,” omo-nge Om Joni karo ndudut pistule.
“Angkat tangan, ayo angkat tangan,” getakke sing njalari Husein lan wong brewok mau kaget lan trataban.
“Lho kok bapak, Bani lan Om Joni dugi mriki, kersane napa, Pak?” pitakone Husein karo gugup.
“Aku sing kudu takon, kowe ngapa neng kene lan wong brewok kuwi sapa?” Pak Usman ganti takon marang Husein.
“Ooo.. niki Om Yani, Pak wartawan lan pengarang, kula nembe sinau ngarang kalian Om Yani niki, pendhak dinten kula diajari carane nulis, Om Yani punika sampun kondhang, Pak, novel karyane sampun kathah,” wangsulane Husein.
“Leres, Pak, Husein punika nate ndherek seminar kula bab mengarang, lajeng pingin sinau engkang tememen bab karangmengarang,” sambunge Om Yani.
”Ya gene ndadak dhewekan lan nyolong wektu bubar sekolah?”pitakone Pak Usman maneh.
“Yen ngarang punika kedah konsentrasi mboten saged rame-rame, Pak. Lha yen dalu kan sinau pelajaran, kula sagede nggih bubar sekolah,” wangsulane Husein.
“Bapak seneng le, nanging kowe uga ana lupute ora pamit wong tuwa, dadi marai wong sak omah lan kanca-kacamu duwe pandakwa sing ora-ora,” ngendikane Pak Usman unjal napas lega.
“Nggih kula nyuwun pangapunten, Pak, benjang kula badhe pamitan ibu lan keluwarga, nanging panggenan niki kedah tetep rahasia, menawi mboten mangke rencang-rencang sami dolan mriki, kula mboten sida ngarang.”
Ing wusana Pak Usman njaluk ngapura marang Om Yani amarga wis nduwe pandakwa sing ora-ora. Kanggo nyengkuyung kekarepane Husein lan kanggo ngurmati jasane Om Yani, bapak kepara mborong kabeh karyane novele Om Yani ing toko buku. Om Yani dadi mongkog atine, dene Husein uga lega amarga wis entuk restu saka bapake.
-------------------------------------------------------------------------------------
Dening: Raden Sunartono
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

Tamu Kang Pungkasan

Lakuné dinå rumangsaku cêpêt bangêt, wêktu sêwulan síng diidinaké såkå pêmêrintah rumangsaku lagi dhèk wingi, nangíng ngêrti-ngêrti kari sêdinå iki.
Dinå sésúk aku lan kåncå-kåncå sak profèsiku gêlêm ora gêlêm kudu ninggalaké panggónan iki, yå panggónan ålå síng dadi mungsuhé masyarakat síng kêpéngin uripé slamêt donyå lan akhirat.
Pancèn wiwitané aku ora sêngåjå mlêbu papan èlèk síng diarani lokalisasi, nangíng kabèh amargå kêpèpèt kahanan, biyåså... masalah klasik síng diadhêpi pawóngan síng uríp íng padésan, kurang pangan lan sandhang lan ora kuwat ngadhêpi sanggan uríp, gèk kamóngkó síng jênêngé golèk pênggawéyan iki angèlé jan ngêpól tênan.
Åjå manèh aku sakkåncå síng múng duwé ijazah SMP tanpå nduwèni kêtrampilan, sanajan síng wís duwé èmbèl-èmbèl gêlar sarjana waé akèh síng kêcêmplúng ing profèsi iki sanajan bédå kêlasé.
Ora kråså lúh têmètès ing pipiku, uríp kók múng kåyå ngéné, gèk súk kapan aku biså mêntas såkå panggónan iki? Dhúh,... Gústi Allah paringånå pitudúh mêrgi íngkang lêrês lan pinanggihnå jodho íngkang saé. Aku unjal ambêgan landhúng, gèk kåyå aku iki åpå ånå wóng lanang síng sudi mêngku? Níng aku pêrcåyå yèn Gústi Allah iku ora saré, sakwijiníng dinå mêngko aku bakal kêtêmu jodhoku.
Dak élíng-élíng nasibé kåncå-kåncå sak profèsiku nyatané ugå ånå wóng lanang síng gêlêm ngêpèk bojo. Mbak Éndah dipèk bojo sopír trêk lêngganané malah nyatané saiki biså uríp bagyå múlyå íng ndéså. Dhík Hèsti ugå dipèk bojo wóng lanang sanajan múng dadi mbók ênóm anangíng kabèh kêbutuhané biså dicukupi, Éndang kancaku sak kampúng ugå diwêngku wóng lanang sanajan wís rådå sêpúh yuswané nangíng nyatané gêmati bangêt malah saiki diparingi putrå.
Bubar macak kåyå biyasané aku lungguhan íng têras omah, biyåså,... mancíng iwak alias nggodhå wóng lanang síng kêpéngin awaké dikêpénakaké sanajan múng sêdhélå, syúkúr yèn gêlêm nginêp sêwêngi, wah... mêsti bayaran síng dak tåmpå lumayan kanggo sangu mulíh mênyang ndéså.
"Mampír Mas,"... godhaku nalikå ånå sakwènèhíng pawóngan mlaku ijèn karo miling-miling nyawang têras póndhókanku, dhèwèké mèsêm lan gêlêm mampír.
"Ngunjúk mênåpå Mas?" ujarku karo nggandhèng tangané dak jak lunggúh íng sandhíngku. Wóng lanang mau manút waé.
"Biyasané wóng lanang iku sênêngané ngunjúk susu yå, kópi susu åpå coklat susu?" aku sansaya wani nggodhå, lha wóng síng digodhå yå sansåyå sênêng atiné.
Yå kåyå mêngkéné pênggawéyanku sabên ndinå nglayani tamu síng gêlêm mampír íng kamarku. Wêktu limang tahún uríp íng lokalisasi pancèn akèh bungah lan susahé, nangíng kêpénaké múng watês bab kadonyan, bisa cukúp sandhang lan pangan ora nyambút gawé abót, nangíng rêkasané biså-biså kêtularan pênyakit sifilis utawa AIDS lan dadi mungsuhé masarakat, amargå dianggêp dadi sampah masyarakat síng kudu disírnakaké. Aku isíh kèlingan nalikå lokalisasi iki didhémo warga masyarakat, awakku nganti ndrêdhêg kawêdèn.
"Lho kók malah ngalamún?" ujaré wóng lanang síng dadi tamuku iku ngagètaké atiku.
"Ah, iyå yå bênêr ngêndikamu Mas, lha kêpriyé ora ngalamún, mbók mênåwå panjênêngan iku tamuku íng papan kéné kang pungkasan amargå sésúk aku sak kåncå kudu lungå såkå papan iki."
"Ditêpungaké jênêngku Bagús sanajan rupaku ora bagús," mêngkono tamuku mau nêpúngaké.
"Sunthi jênêngku Mas," aku ganti sêmaúr. Priyayiné pancèn grapyak lan akèh gunêmé, lagi têtêpungan kurang såkå limang mênít waé rasané wís biså akrab.
"Aku mréné pancèn golèk kênangan kang púngkasan såkå papan lokalisasi iki, aku ngajab papan iki pancèn biså rêsík såkå tumindak maksiyat," mêngkono ujaré Mas Bagús. Sak jam luwíh aku lan Mas Bagús ngóbról ngalór ngidúl, lan pungkasané Mas Bagús pamitan arêp mulíh mênyang omahé. Dhèwèké ninggali dhuwít aku sing lumayan akèh lan njalúk jênêng lan alamat omahku síng sakbênêré.
****
Anèng ngomah rasané kåyå dikunjåra waé, la kêpriyé ora susah, la anèng ngomah yå múng thêngúk-thêngúk waé tanpå duwé gawéyan síng ngasilaké. Dhuwít cèlènganku wís wiwít nipís, rasané ati wís kêtar-kêtir, dumadakan pak pós mandhêg anèng ngarêp omah, ngêtêraké layang såkå Mas Bagús, dhúh,... bungahé ati iki, såpå ngêrti mbésúké Mas Bagús biså ngêntasaké aku såkå uríp kang nisthå iki. Layang dak bukak kanthi alón, ånå råså bungah lan ati iki tambah dêg-dêgan waé.
"Dhík Sutinêm síng dak trêsnani," mak dhêg rasané atiku kaya diumbúllaké karo Mas Bagús. Pancèn jênêngku síng asli iku Sutinêm, nangíng ing lokalisasi aku nganggo jênêng "Sunthi", layang dak waca kanthi ati kang dêg-dêgan
Surabaya, 12 Désèmbêr 2007
"Dhík Sutinêm síng dak trisnani"
Wiwít kêtêmu karo sliramu ing papan kånå kaé, aku dadi kêpingín omah-omah karo sliramu. Bab såpå tå sliramu aku kabèh wís mangêrtèni, nangíng åpå sliramu ngêrtèni aku lan såpå tå sêjatiné aku iki? Barès waé ya dhík, aku iki wóng lanang síng ora bédå karo sliramu. Tumindak nistå lan ålå kabèh waé wís naté dak tindakaké. Nangíng aku péngín marèni kabèh mau sakdurungé kasèp.
Mula yèn sliramu gêlêm dak jak uríp bêbarêngan nyabrang íng samodrå bêbrayan agúng, ayo dhík wangsulana layang iki, gêlêmå Dhík Sutinêm dak jak uríp anyar íng sakjêroníng balé somah kang rêsmi lan ayo pådhå uríp kang anyar, uríp kang kêbak laku utåmå sanajan múng uríp sarwå prasåjå, wís bèn lêlakónmu lan lêlakónku dikubúr barêng-barêng lan dilarúng íng samodra pangapurå.
Aku ora njanjèkaké uríp kang moncèr kêbak kêméwahan donyå, nangíng aku pêrcåyå yèn aku karo sliramu biså uríp bagyå múlyå. Sêpisan manèh, aku ora mêkså nangíng aku têtêp nunggu walêsan layang iki bèn atiku bisa têntrêm.
Såkå kåncå anyarmu síng nêmbé kasmaran.
Bagús
Ora kråså, kacu cilík wís têlês kêbês êlúhku, bisaku múng pasrah jiwå lan rågå marang Mas Bagús.
Sunaré srêngéngé wayah ésúk íng Suråbåyå nambahi éndahíng swasånå balé somahku. Kêmbang kênångå íng ngarêp omahku nyêbaraké gåndå kang arúm. Cêpêt-cêpêt aku dandan sak pêrlu arêp ngêtêraké Panji anakku mbarêp såkå titisané Mas Bagús kang saiki makaryå dadi móntír sêpéda mótór, Allahuakbar,... laillahaillallah, alhamdulilllah pujiku marang Pangéran Kang Maha Kuwasa.
-------------------------------------------------------------------------------------
Dening: Sumédi
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

Selasa, 21 September 2010

Katresnan

dening : nardlenk

Dak ungak esemmu kang cinathet ana kekayon
Kanggo pepeling yen aku tansah bekti marang endahe katresnan
Kang tinandur jroning ati
Mrajak semi kaya jamur tukul wayah rendheng.......

Dak tembus miringe gedhong tuwa nganggo landhepe katresnan
Siniram rasa endah kang tineba selaning lathi
Nalika bumi pertiwi lagi mlaku nembus dhuhkitane kembang kacang
Katresnan iki ora bakal luntur mring ombyaking krida

Dak aras lathimu nganggo legine dhandhanggula
Ngrerintih ana sela-selane gempilane manah kang tansah cinathet
Dening jiwa suci katresnan......

Aku mung saderma manungsa lumrah....
Muga Gusti paring kemurahan gegayuhan iki....

Kamis, 26 Agustus 2010

wengi lailatulqodar

dening : Rochmat Basuki

pangajaping ati ngenteni wengimu
sumunaring lintang padang jinglang
sepi
maruta tan wani lumaku
unjaling pandulu mancer ing qalbu
para malaikat nedhak ing bumi
ngungelake istigfar datan lali
duh gusti................
mugi paduka nepangaken wengi lailatulqodar
amrih pikantuk sewu wulan
wengi sepi
wengi kang kebak keberkahan
wengi kang kudu den goleki
wengi
wengi
wengi
sewu wulan

Jumat, 20 Agustus 2010

Wegi Pitulas Agustus

Dening : Widiyartono Raden

sawarnining prosesi upacara
kabeh wus lumaksana
esuk gendera diunggahake
sorene diudhunake
kanthi iringan aubade

esuk krungi pidhato makantar-kantar
kaya-kaya awake dhewe wis luwar
saka dalan sing nyasar-nyasar
kangmangka sejatine
awake dhewe saya kesasar

ya, sawarnining upacara
kabeh wus lumaksana
aubade ngumandang sora
ngiringi mudhune gendera
apa kang nyanthol ing batin kita

wengi iki pitulas agustus
kringet netes ing lapangan upacara
wus tuntas kaetus
nanging sejatine awake dhewe iki oleh apa
amaraga upacara ya mung upacara
amarga upacara iku
wis dadi bageyan saka
urip kita saben dina

Kandha

karipta dening : Takeshi Arie Saeba

aku dudu sopo-sopo...
ugo ora duwe bondho donyo...
aku ora arep takon ngopo...
aku pancen ora biso...
isaku meng rumongso......

panceno,aku karo kowe ora podho...
ewosemono,yen entuk ngudho roso...
aku meng arep kondho...
aku kancanono...^^

Rasa Cuwa

dening : Rochmat Basuki

Sliramu kang lunga
kelingan aku nalika semana
sliramu kang tuwuh katresnan
nandang wuyung mring donya
karonto-ronto miyak kahanan
metani kedadeyan semana
kelingan aku nalika semana
sliramu kang tuwuh waspa
menehi rasa kang cintraka
sliramu tansah lunga ngendani rasa
rasa cuwa sliramu ora kelingan nalika semana
menawa mendung arep... dadi udan
cuwa aku sliramu lunga
nglungani aku aku pancen marahi cuwa

Senin, 02 Agustus 2010

Lunga

dening : Rochmat Basuki

menawa sliramu lunga
aja ninggal bronto
netramu netes luh
lunga sliramu marahi bronto
...sliramu lunga ngendani bronto
mega ampyak-ampyak nguntapake lungamu
sliramu pancen ora bisa kapenggak
lungaa menawa sliramu lega
lega marang kahanan
aja cuwa menawa aku uga lunga
lunga mring kadadeyan

Kamis, 29 Juli 2010

Urib.....................

wong urip kudhu ngerti unggah-ungguhing urip lan ngerti marang trap susilaning agesang uga agami............
bisa empan papan.....iku kang utama ana ing urip bebrayan.... mad sinamadan lan tepa slira marang sapa wae..amrih bisa kasembadan apa kang sinedya.......

Sabtu, 24 Juli 2010

Pangumbara Katresnan

dening: nardlenk

Katresnan iku mati lamun urib,
Katresnan iku ngerti lamun wuto,
Katresnan iku bisa nyuwara lamun bisu,
Katresnan iku nyata lamun ora katon,

Lan katresnan iku bisa mbedak’ake,
Banda ndonya, rupa, pangkat lan drajat.

Sing Bisa Rumangsa

Kawulo Namung Tiyang Ndesa
Sangu Kulo Namung Pitutur Klawan Donga
Namung Satunggal Bandha Dunya Kulo
Mboten Sanes Kasebut Jiwa Kalawan Raga

Sanes Satriya Sanes Pandhita
Namung Sudra Ingkang Ngambara
Mboten Kagungan Empan, Mboten Papan
Mboten Sanak Mboten Kekadhang

Titah Sudra Ngambara Hakekat
Gegaman Satunggal Kasebut Jimat
Sastra Jendra Hayuningrat
Kalimasada Sejatining Ma’rifat

Sing Sapa Bisa Rumangsa
Sejatine Kang Temen Bisa
Sing Sapa Rumangsa Bisa
Sejatine Janma Kang Durung Sampurna

sumber : http://manusiajawa.blogspot.com

Kamis, 17 Juni 2010

Aja Dumeh

(Tatiek Poerwa)

Wong meneng tanpa gunem
Durung mesti yen ora dunung
Wong kang seneng ngguyu lakak-lakak
Durung mesti yen tumus tekan ati

Wong kang seneng cubriya marang liyan
Durung mesti yean pribadine sampurna
Mula aja dumeh sugih bala
Aja dumeh paling kuwasa
Aja dumeh yen sakabehe mumpuni
Banjur nganggep wong liya tanpa guna

Yen wicara nganggo kaca benggala pribadi
Kuwi dudu kang sinebat wicaksana
Yen pambiji iku amung saka balane dhewe
Iku uga ora bisa sinebut adil
Mula aja rumangsa palin bener
Aja rumangsa paling pinter
Aja rumangsa yen wong liya kleru
Aja tansah nguja rasa serik lan srakah
Gusti bakal paring pituduh
Beci ketitik ala ketara

Garing

dening : Takeshi Arie Saeba

delengen siro,
netro kang kawoco,
sepi kang ketitik,
prasasat mati woh
tanduraning roso,
garing ukoro-ukoro mrucut,
kagowo bayu seng sumilir
neng mburi papan,
tansah kekupeng pitakon,
opo iseh koyo wingi uni....

PARIKAN WARTAWAN

dening : Widiyartono Raden

Sapine dinggo nggeret luku
ana dhingklik dinggo jaranan
saiki apa wae bisa dituku
saka pitik ngati wartawan
...
awan-awan mlaku-mlaku
kesrimpet kawat ing tengah dalan
yen wartawan bisa dituku
pejabat lan pengusaha jegegesan

yen wartawan bisa dituku
pejabat lan pengusaha jegegesan
nanging yen pengin tuku aku
pethi matimu bayaren pisan

Jakarta

dening : Rochmat Basuki

nalika sliramu lunga pamit
tumuju jakarta
sliramu nate janji
bakal nggawa tresnaku
nalika sliramu lunga tumuju jakarta
aku mung titip atiku marang sliramu
ati kang mutir keplintir dening netramu
nalika slira lunga tumuju jakarta
atiku kelangan slira
kelangan werna~werna
kelangan rasa
kelangan subasita
kelangan sliramu
jakarta kutha marahi kelangan
jakarta kutha gawe cuwa
jakarta kutha akeh durjana
slira ilang ana kutha jakarta
pupus atiku goleki sliramu

Kamis, 10 Juni 2010

Kamardikan "ilang"


dening : naradlenk


Kamardikan ilang.....
Kegerus jaman
Kelindes nepsu
Kintir dening kahanan

Kamardikan ilang.....
Jelma angkara murka
Jelma rajabana
Jelma panguasa

Kamardikan ilang.....
Dadi angin
Dadi impen
Dadi angen-angen

Senin, 17 Mei 2010

Udan Kiriman

Dening : Buddy Cahyono



Kembang Jambe gagar..
Tiba Kumleyang ing satengahing plataran
Dak geget kinang suruh tanpa gambir
Krasa getir sundul tekak ing sukma

Kembang jambe kang kumleyang..
Bareng tibaning udan kiriman
tak rengkuh wewayanganmu kebak rasa kedosan

Kembang jambe kang gagar tiba kemleyang
Banjur ambyar ing plataran
jroning telung ewu puteran jagad kepungkur

Sabtu, 15 Mei 2010

Ora bisa dileboni

by : Adjie Poetra Edy

Rasa kang dak rasa nambahake cilaka
Sepisan aku ngrasakake kelangan....
Nalika sliramu wis oncat saka atiku...
Nalika sliramu wis bisa nyandhing karo ati kang seje......

Dak cobo ngisi lan mbumpeti.....
Dak cobo nambani tatu ana ing ati iki....
Cedak sumandhing karo wanodya liya.
Nanging aku tetep ora isa !!!!...!!

Atiku iki durung bisa dileboni rasa tresna maneh....
Atiku iki durung bisa dibumpeti ngganggo katresnan liya....
Bolong....nanging ora isa dileboni......
Bolong....nanging tetep durung bisa dibumpeti.........

Saya suwe tan saya owah....saya bubrah kahanane.....
Peteng dak rasakake ana ing ati....
Sapa kang bisa tumeka ana ing ati iki???
Kang gawa diyan kanggo madhangi atiku....
Kang gawa tutup, kanggo mbumpeti ati iki.......

SWARANING PANDOM JAM TEMBOK

coba ta yen kok ematna
obahing pandom jam tembok
ora mung nuduhake
iki wanci jam pira
oba ta yen kok ematna
swarane kang kadya
ngiris-iris kepara njuwing-juwing
batin lan rasa kita

swarane pandom jam tembok
kaya-kaya nyeret lunga
ninggalake kaendahan donya
nuju panggonan
kang kebak kasampurnan

swaraning ...pandim jam tembok
kaya nglethak-nglethaka
cumplunging mustaka
kang saya suwe
pancen saya tanpa daya

Sm.97


karipta dening :Widiyartono Raden

Jakarta

dening : Rochmat Basuki


nalika sliramu lunga pamit
tumuju jakarta
sliramu nate janji
bakal nggawa tresnaku
nalika sliramu lunga tumuju jakarta
aku mung titip atiku marang sliramu
ati kang mutir keplintir dening netramu
nalika slira lunga tumuju jakarta
atiku kelangan slira
kelangan werna~werna
kelangan rasa
kelangan subasita
kelangan sliramu ...
jakarta kutha marahi kelangan
jakarta kutha gawe cuwa
jakarta kutha akeh durjana
slira ilang ana kutha jakarta
pupus atiku goleki sliramu

Sabtu, 01 Mei 2010

Golgota ... Golgota (Paseksen Gumuk Cumplung)

Dening : Widiyartono Raden

:eli, eli, lama sabakhtani
dhuh gusti geneya
paduka nilaraken kula

langit sing padhang njingglang
ndadak peteng lelimengan
lindhu ngobrak-abrik
gumuk cumplung
agung kelangkung-langkung

sateruse keprungi swara
: wus rampung
sabanjure suwung

geneya apa aku kudu keduwung
kadlarung-dlarung...
tan gelem uwal saka
sadhengah kang tan nate rampung
kangmangka gusti wis paring janji
tan ana kang bisa
tumeka dalem-me tanpa
liwat pyambak-e
kang wis netesake rahe
ing gumuk cumplung
golgota

GUWA RATU

:ngaturi sugeng sang prabu

kawula sowan dhateng kedhaton tuwan

banyu bening netes

saka pucuking stalagtit

ngenani pipi kekes ing ati

ing sajroning guwa

kaya ketemu priya gagah pideksa

lagi dhawuh mring para

tamtama kedhaton nusa tembini

GUWA RATU

: dherekna aku

mboyong roro dewi ciptarasa

kapangku bakal tak suntak purna ...

sang prabu pulebahas miyos

kairing para prajurit

aku ketinggal ing jeron guwa

peteng dhedhet ra weruh apa-apa ****

(Guwa Ratu, satunggiling guwa ing Pulo Nusakambangan)

Karipta dening : Widiyartono Raden

Jumat, 05 Maret 2010

Niat Suci

Atiku…..
Ngambang kaya layangan
Mobat mabet neng duwur mega
Udan tangis
Kang tansah nyiram jiwa ragaku
Kaya bledek nyamber
Kang tansah dadi lelakonku
Rina wengi tansah memuji

Duuuh gusti
Paringana kekiatan
Angen kawula jumangkah
Ngayoh niat ingkang suci
Pikantuk tresna sejati
Kang tuhu tulus lahir batin
Nganti tumekaning pati

Wuyung

kaya ngene
wong kang nandang wuyung
sumedot rasane ati
tansah kelingan
sliramu wong bagus
wes tak coba nglalek ake
jenengmu soko njeroneng atiku
nanging malah mancep jero
ana neng kablu
ora nyana …ora ngira
tuwuh tresna
senajan
sliramu adoh saka pandengane mata

Selasa, 02 Maret 2010

Kekudangan

Sun kekudang le anak lanang
Sangisore bulan gedhe kalangan
Nganggo tembang-tembang pamuji
Amrih besuk gedhe
Dadi wong abudi luhur
Dudu priyagung sing lali
Sambat sebute kawula dasih.

Kae galo le
Megane ampak-ampak
Nggawa kabar saka kahyangan
Nyebar pengarep
Kanggo mapag
Marang kang gelem gumregah
Tandang karya mbengkas rubeda
Kaya mbulan mbengkas mega kae.

PARANGTRITIS

Cahyane sumunar abang semu kuning
Ana sisih kulon watesing langit lan bumi
Sang bagaskara bakal anslup
Ninggalake lumahing bumi.

Pesisir Parangtritis
Katon endah nengsemake
Nyirnakake awak kesel, ati mangkel
Atusan wong, kepara ewu cacahe
Nguntapake sang bagaskara.

Dhuh Gusti kang hakarya jagad
Atur panuwun lan sembah sujud
Awit sedaya peparing
Dhateng sedaya titah.

SINOM PARIJOTHO

Nulodo Laku Utomo
Tumapring Wong Tanah Jawi
Wong Agung Ing Ngeksigondo
Panembahan Senopati Kepati Maharsudi
Sudaning Howo Lan Nepsu
Pinepsu Topo Broto
Tanapi Ing Siyang Ratri
Amemangun Karyanak tyas ing sasomo

(*)
Samangsane Pasamuwan
Memangun Marto Martani
Sinambi Ing Saben Mongso
Kolo Kalaning Asepi Lelono Teki teki

Ngayuh Geyonganing Kayun
Kayungyun Ening Ing Tyas
Sanityaso pi Mrihatin
Pungguh Panggah Cegah
Dahar lawan Nendro


Download :
http://www.4shared.com/get/145558576/e89c523b/Sinom_Parijotho.html
————————————————
Versi Klenengan :
http://www.4shared.com/file/179271429/5774901d/Jowo_00-SINOM_PARIJOTHO.html?s=1

PUTRO NUSWANTORO

Anakku sing bagus dhewe
besok pinter sekolahe
yen Wis biso nyambut gawe
kudhu mlaku sak mesthine

Cup menengo ngger anakku
ojo pinter nangis wae

Anakku sing bagus dhewe
besok pinter sekolahe
cup menengo ngger anakku
sing tansah tak domo-domo
Dadiyo satrio tomo
Labuh marang nuso bongso

Reff:
Enggal menengo anakku
welaso marang ibumu
didawuhi kudu nggugu
biso gawe mareming atiku

Adoh dununge bapakmu
ngayahi kewajiban luhur
yen wis rampung mesti kondur
nuswantoro subur makmur


Downloan : klik disini
http://www.4shared.com/file/132810388/cff9b527/Manthous_-_Putro_nuswantoro_mp.html?s=1

Senin, 01 Maret 2010

Megat Tresna....!

Yen kelingan marang slirahmu wong ayu
Kaya rinujit-rujit jroning atiku
Jaman biyen-biyene aku katon apa
Sak ikine aku iki katon apa
Dek semana slirahmu nate prasetya
Bungah susah dilakoni kanthi lila
Mula aku ra ngira yen slirahmu cidra
Ninggal krama milih karo pria liya

Jan-jane iki mau salahe sapa
Kok nganti slirahmu megatake tali tresna
Ora nyana atiku ugo ora ngira
Yen sak iki uripku bakal nelangsa
Duh wong ayu mring slirahmu
Aja tega welaso putra-putrimu
Aku wong ora guna, papa tur kuciwa
Wis tak trima pasrah karo kang Kuasa…..

Kamis, 18 Februari 2010

WIS ORA ANA MANEH KANGGO KOWE

Wis ora ana maneh kanggo kowe, anakku
dongeng kancil apa uthak-uthak ugel
nyengkelit kudhi bujel
bu guru repot penataran
ibu asring tindakan
wacanen dhewe ing kamar
komik bionik lan flash gordon
ing kono ha-na-ca-ra-ka asawang layon
wis ora ana maneh kanggo kowe, anakku
nglangute pangkur palaran
ngrangine gendhing dolanan
yen rembulane ndadari sumunar padhang
setelen video lan kaset obralan
marga wis ora krungu maneh jarak te
lan jamuran ing plataran
nini thowok kari bathok sumendhe gowok
neng kamar simbah muwun sesenggrukan
nangisi dina kawuri kang ilang
oo, putuku wis kabuncang angine jaman.

Sumber : Nguri-uri Bahasa Jawa Facebook

KIDUNG PANGAREP-AREP

Nalika budaya manca wus ngrembaka ing bumi Nuswantara
Jare tandha-tandha jaman maju wis teka
Samubarang kang aran canggih
dirancang kanggo wong sugih

Pra mudha tan wruh ing unggah-ungguh
Tilar tatakrama marang wong sepuh
Basa bubrah salah kaprah
Kamangka satemene saya ora prenah

Apa maneh traping busana wanita
Kang jeneng gaun bu pa ti
Jebul .... buka paha tinggi-tinggi
Pamer wentis wudel dieler
Jarene populer

Nyata wus padha kelangan kiblat, nyingkur jatidhiri
Hiya jatidhiri adiluhung tilaran leluhur nguni

Upama ati iki bisa kandha .... kebak ing panalangsa
Kapan ya ? .... larasing budaya hamurba asrining swasana
Manising basa nuwuhake larasing rasa panggrahita
Edining rasa pangrasa tatakrama mimbuhi ajining raga

Kapan ya ? .............
Hiya mung pangarep-arepku marang panjenengan sadaya
Bisa sembada ndhudhuk ndhudhah memetri lan nguri-uri
Satemah ngrembaka minangka tamenging budaya
Saka panglindhesing budaya manca


Dening : Soejanto Yanto

SERAT DARMAWASITA

Rambah malih wasitaning siwi,
kawikana patraping agesang,
kang kanggo ing salawase,
manising netya luruh,
angedohken mring salah tampi,
wong kang trap sileng tata,
tan agawe rengu,
wicara lus kang mardawa,
iku datan kasendhu marang sasami,
wong kang rumaket ika.

Karya resep mring rewange linggih,
wong kang manut mring caraning bangsa,
watek jembar pasabane,
wong andhap asor iku,
yekti oleh panganggep becik,
wong meneng iku nyata,
neng jaban pakewuh,
wong prasaja solahira,
iku ora gawe ewa kang ningali,
wong nganggo tepanira.

Angedohken mring dosa sayekti,
wong kang enget iku watekira,
adoh marang bilaine,
mangkana sulangipun,
wong kang amrih harjaning dhiri,
yeku pangolahira,
batin ugeripun,
ing lair grebaning basa,
yeka aran kalakuan ingkang becik,
margane mrih utama.

Rabu, 27 Januari 2010

Wis Tumekaning Jaman

dening : Nardlenk

Dheleng kahanan sak iki.

akeh wong kang lali marang kabudayan,

akeh wong kang lali marang unggah-ungguhing pakarti,

akeh wong kang ra bisa basa,

akeh wong kang ra ngerti tata krama.

Apa wis tumekan ing jaman,,,,

Duh eyang,,,,,,

kabudayan wis kagerus jaman,

jaman kang ra dwe paugeran,

jaman kang sarwo tumindak cuwa,

jaman kang awatak kewan.

Duh eyang,,,,,,,,

apa wis tumekaning jaman,

wong Jawa kari separo,

wong londho kari sajodho.

Sing Kleru Dudu Sing Ndaku

dening Bondan Nusantara


Dhadha muntab pindha geni mubal-mubal

Nyipati karyane bangsa didhaku liyan

“Iki budayaku-Dhudu budayamu”

Guyu nggleges lirih kaprungu

Ing setengahe mripat pendingaran

Binarung kepelan tangan ngathungi antem

Aja nuruti hawa ngumbar nesu

Sing kleru sejatine dudu sing ndaku

Nanging sing ra gelem ngopeni lan memetri

Mergo kagubet perkara kadunyan lan penguasa

Ora idhep sejatining kasunyatan

Yen wargane sing ndaku lan sing didhaku

Mancawarna suku lan bangsane

Pindane sedulur tunggal bapa seje ibu

Ah……. kena apa kudhu nganggo nesu?

Jumat, 22 Januari 2010

LUPUT ,,,,,,,,,,

Urip ing ndonyo koyo sak kedeping netro
Lamun siro ojo sok gembagus
Koyo menang-menango dewe
Lali sanak lali kadang
Among ngumboro watak kewan
Adhoh soko titahing gusti

Dudu duwek’e, ngaku gaweane
Kang bisane grogoti hak’e manungso
Ngeruk dwite rakyat
Kanggo nggedek’e wetenge dewe
Kang kebak laku dur angkoro

Eyang……………..
Aku kudhu kepiye…!
Ngulatke manungso kang lali marang Pangeran

Eyang………………
Aku kudhu kepiye….!
Ngulatke manungso kang lali pakartining urip

OPO TUMON

opo tumon…
yen nyawang kahanan iki,
doso wis ra reti papan lan wektu,
ganjaran swargo wis ilang kebuwang kahanan.

opo tumon…
trap susilaning agomo luntur kegerus ombyak’ing ndonyo
aurat di ler koyo dagangan neng pasar
kang biso biso disawang kabeh uwong
cilik gedhe, enom tuwo, podho wae.

opo tumon…
akeh manungso kelangan paugeran,
akeh manungso kelangan roso isin,
akeh manungso kelangan unggah ungguhing pakarti
akeh manungso kelangan ajining diri.

opo tumon…
paugeraning urip wis ra digagas maneh,
manungso wis ra biso bedhak ake salah lan bener,
nuruti tumindak iblis kang nyilakani.


dening : nardlenk

Sabtu, 09 Januari 2010

SERAT SABDO JATI

Megatruh

Hawya pegat ngudiya ronging budyayu
Margane suka basuki
Dimen luwar kang kinayun
Kalising panggawe sisip
Ingkang taberi prihatos

Ulatna kang nganti bisane kepangguh
Galedehan kang sayekti
Talitinen awya kleru
Larasen sajroning ati
Tumanggap dimen tumanggon

Pamanggone aneng pangesthi rahayu
Angayomi ing tyas wening
Eninging ati kang suwung
Nanging sejatining isi
Isine cipta sayektos

Lakonana klawan sabaraning kalbu
Lamun obah niniwasi
Kasusupan setan gundhul
Ambebidung nggawa kendhi
Isine rupiah kethon

Lamun nganti korup mring panggawe dudu
Dadi panggonaning iblis
Mlebu mring alam pakewuh
Ewuh mring pananing ati
Temah wuru kabesturon

Nora kengguh mring pamardi reh budyayu
Hayuning tyas sipat kuping
Kinepung panggawe rusuh
Lali pasihaning Gusti
Ginuntingan dening Hyang Manon

Parandene kabeh kang samya andulu
Ulap kalilipen wedhi
Akeh ingkang padha sujut
Kinira yen Jabaranil
Kautus dening Hyang Manon

Yeng kang uning marang sejatining dawuh
Kewuhan sajroning ati