yo iku panjerite ati kang ditulis
dadi ukoro kang endah.
Kang sarwo pasemon kang mengku
suroso,
lan makno , opo kang dadi
panandanging roso,
rasane ati , kang nuduhake,
bungah, susah .
Seneng tresno lan laraning ati.
Namung sumonggo karso anggone
podo ngracik tembung lan boso, merdiko merdikane toto kromo.
Lamun dowo ojo
kedawan, lamun cendak ojo kecendaken, supoyo miroso
diwoco ora mboseni malah ngangeni.
Biso dadi
tombo ati kang lagi keloro loro, geguritan pancen tembung prasojo, gampang
ditompo lan disuroso, yo iku endahe boso Jowo kang sinastro ing aksoro.
Monggo
dilestarekno cik biso ngembang ngremboko, piwelinge soko cak Bodro.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar