sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Jumat, 24 September 2010

Wong Brewok Nyalawadi


Wis udakara telung dina iki, Husein mulihe sekolah tansah telat terus. Sing biasane jam loro awan dheweke wis tekan omah, telung dina iki mulihe mesthi nyedhaki wayah magrib. Mesthi wae Pak Usman lan Bu Usman, wong tuwane Husein dadi mikir, sakjane lunga menyang ngendi bocah kuwi. Yen nilik sipat lan solah bawane, sakjane Husein kuwi bocah sing meneng ora seneng neka-neka. Dheweke uga manut marang wong tuwa lan tememen sekolahe. Nanging kena ngapa dumadakan dheweke kerep mulih telat lan yen ditakoni kaya endha mangsuli sak kecap rong kecap.
“Coba Ban, tulung tlisiken menyang ngendi parane Husein yen mulih sekolah,” panjaluke Pak Usman marang Bani, kanca cedhake Husein sing uga gumun karo tingkahe Husein.
“Nggih, om, mangke yen wangsul sekolah ajeng kula buntuti dhateng pundi lungane Husein,” wangsulane Bani.
Nalika mulih sekolah, kaya biasane, Husein mesthi lungguh ana ing ngisor wit ringin njaban pekarangan sekolah karo thingak thinguk kaya ana sing ditunggu. Dene Bani sing kawit mulih sekolah njarak arep nlisik Husein ndelengi saka kadohan. Dumadakan ora let suwe ana mobil sedhan werna ireng sing mandheg ing ngarepe Husein. Saka njero mobil mau metu pawongan sing nganggo klambi ireng, clana jeans, topi pet, nganggo kaca mata ireng lan brewoken. Tampange persis kaya penjahat ana ing film-film detektif kae.
Bani kaget dene kanca kenthele sing pendhak dina mangkat mulih sekolah lan dolanan bebaregan saiki duwe pasrawungan karo wong sing rupane serem mau. “Sapa ya, aja-aja penjahat, penculik uta-wa bandar Narkoba,” pandakwane Bani sing ora-ora ing sakjroning ati.
Sakwise guneman sedhela, Husein karo Wong Brewok nyalawadi mau mlebu mobil lan langsung lunga embuh menyang ngendi. Bani sing wingi wis diparingi sangu supaya dadi “detektif swasta” dening Pak Usman uga enggal numpak taksi lan mrentahke supire taksi supaya ngetutke mobil ireng sing ditumpaki Husein karo wong brewok mau.
Sakwise nempuh perjalanan rada suwe mobil sedhan ireng mau mandheg ana ing omah tuwa ing Jl Sawo II No 17, Husein lan wong brewok nyalawadi mau mlebu omah lan embuh apa maneh sing ditindake ora ana sing ngerti. Sakwise nyathet alamat mau, bani enggal–enggal mrentahke supir taksi supaya ngeterke menyang omahe Pak Usman .
Sakwise tekan ngomahe Pak Usman, dheweke paring pelapuran marang wong tuwane Husein.
“Dadi iki alamate wong brewok nyala-wadi kuwi ya, Ban?”pitakone Pak Usman nalika nampak kertas catetan alamat omah tuwa mau.
“Leres, Om, mboten klentu anggen kula nyathet,” wangsulane Bani .
“Kira-kira pandakwamu apa, Ban, marang wong brewok nyalawadi mau ?” pitakone Bu Usman.
“Kadose kok awon, mbok menawi Bandar Narkoba, wah bahaya yen niki leres,” wangsulane Bani.
“Wah yen nganti Husein dadi korban Narkoba, cilaka tenan, apa tindakane dhewe, Pak?” pitakone Bu Usman .
“Sesuk aku arep nggawa pulisi lan kancanana, Ban, bubar sekolah pawongan mau arep tak grebeg,” Wangsulane Pak Usman.
Awan sakwise sekolah, Bani, Pak Usman lan om Joni adike Pak Usman sing dadi pulisi ngetutke lakune mobil ireng sing ditumpaki wong brewok karo Husein mau. Kaya wingi-wingine sakwise teka ing omah tuwa ing Jl Sawo mau mobil ireng mandheg lan sing numpak mlebu kabeh ing omah tuwa mau.
“Sak iki titi wancine nggrebeg wong brewok mau, ayo langsung mlebu wae,” omo-nge Om Joni karo ndudut pistule.
“Angkat tangan, ayo angkat tangan,” getakke sing njalari Husein lan wong brewok mau kaget lan trataban.
“Lho kok bapak, Bani lan Om Joni dugi mriki, kersane napa, Pak?” pitakone Husein karo gugup.
“Aku sing kudu takon, kowe ngapa neng kene lan wong brewok kuwi sapa?” Pak Usman ganti takon marang Husein.
“Ooo.. niki Om Yani, Pak wartawan lan pengarang, kula nembe sinau ngarang kalian Om Yani niki, pendhak dinten kula diajari carane nulis, Om Yani punika sampun kondhang, Pak, novel karyane sampun kathah,” wangsulane Husein.
“Leres, Pak, Husein punika nate ndherek seminar kula bab mengarang, lajeng pingin sinau engkang tememen bab karangmengarang,” sambunge Om Yani.
”Ya gene ndadak dhewekan lan nyolong wektu bubar sekolah?”pitakone Pak Usman maneh.
“Yen ngarang punika kedah konsentrasi mboten saged rame-rame, Pak. Lha yen dalu kan sinau pelajaran, kula sagede nggih bubar sekolah,” wangsulane Husein.
“Bapak seneng le, nanging kowe uga ana lupute ora pamit wong tuwa, dadi marai wong sak omah lan kanca-kacamu duwe pandakwa sing ora-ora,” ngendikane Pak Usman unjal napas lega.
“Nggih kula nyuwun pangapunten, Pak, benjang kula badhe pamitan ibu lan keluwarga, nanging panggenan niki kedah tetep rahasia, menawi mboten mangke rencang-rencang sami dolan mriki, kula mboten sida ngarang.”
Ing wusana Pak Usman njaluk ngapura marang Om Yani amarga wis nduwe pandakwa sing ora-ora. Kanggo nyengkuyung kekarepane Husein lan kanggo ngurmati jasane Om Yani, bapak kepara mborong kabeh karyane novele Om Yani ing toko buku. Om Yani dadi mongkog atine, dene Husein uga lega amarga wis entuk restu saka bapake.
-------------------------------------------------------------------------------------
Dening: Raden Sunartono
Kapethik saking : Jagad Jawa - Solopos
http://www.solopos.co.id

Tidak ada komentar:

Posting Komentar