sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Kamis, 18 Februari 2010

KIDUNG PANGAREP-AREP

Nalika budaya manca wus ngrembaka ing bumi Nuswantara
Jare tandha-tandha jaman maju wis teka
Samubarang kang aran canggih
dirancang kanggo wong sugih

Pra mudha tan wruh ing unggah-ungguh
Tilar tatakrama marang wong sepuh
Basa bubrah salah kaprah
Kamangka satemene saya ora prenah

Apa maneh traping busana wanita
Kang jeneng gaun bu pa ti
Jebul .... buka paha tinggi-tinggi
Pamer wentis wudel dieler
Jarene populer

Nyata wus padha kelangan kiblat, nyingkur jatidhiri
Hiya jatidhiri adiluhung tilaran leluhur nguni

Upama ati iki bisa kandha .... kebak ing panalangsa
Kapan ya ? .... larasing budaya hamurba asrining swasana
Manising basa nuwuhake larasing rasa panggrahita
Edining rasa pangrasa tatakrama mimbuhi ajining raga

Kapan ya ? .............
Hiya mung pangarep-arepku marang panjenengan sadaya
Bisa sembada ndhudhuk ndhudhah memetri lan nguri-uri
Satemah ngrembaka minangka tamenging budaya
Saka panglindhesing budaya manca


Dening : Soejanto Yanto

Tidak ada komentar:

Posting Komentar