sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Kamis, 18 Februari 2010

WIS ORA ANA MANEH KANGGO KOWE

Wis ora ana maneh kanggo kowe, anakku
dongeng kancil apa uthak-uthak ugel
nyengkelit kudhi bujel
bu guru repot penataran
ibu asring tindakan
wacanen dhewe ing kamar
komik bionik lan flash gordon
ing kono ha-na-ca-ra-ka asawang layon
wis ora ana maneh kanggo kowe, anakku
nglangute pangkur palaran
ngrangine gendhing dolanan
yen rembulane ndadari sumunar padhang
setelen video lan kaset obralan
marga wis ora krungu maneh jarak te
lan jamuran ing plataran
nini thowok kari bathok sumendhe gowok
neng kamar simbah muwun sesenggrukan
nangisi dina kawuri kang ilang
oo, putuku wis kabuncang angine jaman.

Sumber : Nguri-uri Bahasa Jawa Facebook

Tidak ada komentar:

Posting Komentar