sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Jumat, 20 Mei 2011

Tapaku

Urip iki mung saderma nglakoni
Luwih becik nyukuri apa kang wus di paringke Gusti
Ora ana jalma kang sampurna ing alam ndonya
Kamongko kasampurnan mung dhuweke Hyang Widi

Kumlawung angen angenku
Uripku tansaya rinasa sepi
Rikala swara swara memuji wus ilang

Nanging anane mung swara swara ngayuwara tanpa rupa
Ing ati iki krasa sisih
Ana sing kurang
Ana kang kaya kaya wus ilang
Wiwit saking wengi wingi

Nalika aku sesideman tanpa swara
Tapaku pancen dudu tapa kang minulya
Ing ngatase aku pengin antuk jatining urip


dening : Rindi Anyndyianingrum

Tidak ada komentar:

Posting Komentar