sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Jumat, 20 Mei 2011

Sujudku

dening : Rindi Anyndyianingrum


Wengi kang sepi di padhangi sewu lintang tanpa mega
Lamat lamat keprungu swara endah ing talingan
Kumriciking banyu padasan
Sumelaking sajadah kang banjur ginelar

Duh Gusti
Dak kidungake puji puji syukur
Sujudku, pasrahku ing NgarsaMu
Wutuh kanthi ati lan rasa
Nyuwun ampunan dosa kang tanpa kinira

Sumerbak gandaning arum mlati
Kang dadi panutaning ati
Pinuju mulyaning gesang
Pengarep restuning bumi

Duh Gusti. . . .
Kawulo sujud sunembah ing NgarsaMu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar