Saben awan ndrandang
Aku bisa ngitungi lintang
Ing mongso rendheng
Aku bisa mbendung udan timbreng
Nanging biyung. . . .
Aku ora bisa ngukur tresnamu
Tresna kang kadya sunare rembulan ing pojoking atiku
Kang tansah madangi lakuku tumekan pati
Enem belas taon kapungkur
Ing sawijining dina
Aku kudu kelangan ndika
Biyung ndika kudu bali ing Ngarsani Gusti
Kembeng kembeng waspaku
Saben aku sujud sinembah marang Gustiku
Eluh tumetes kadya iline banyu
Rasa panalangsaku nora bisa dak gurit
Biyung. . . .
Tanpa ndika aku kaya wong bingung
linglung
Atiku suwung
Biyung . . . .
Dak tulis gurit lungit sumingit kagem ndika
Minangka bekti tresna asih kawula
dening ; Rindi Anyndyianingrum
Tidak ada komentar:
Posting Komentar