sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Kamis, 19 Mei 2011

PAWELING KANGGO PUTRAKU

Putraku .....
Sun kudang bisa'a nggayuh lintang
Aja tumoleh yen durung biso ngranggeh
Tebahna dadha ... jembarna paseduluran
Aja keladuk sesongaran
Mundak karoban mungsuh.....

Elinga,.....?!
Sepira dohe urip lan mati kuwi ?
Mung sak nyari
Sakwise kuwi kabeh padha ketriwal
Bandha donya ... Lunga
Drajat pangkat ... Minggat
Kadang kinasih ... sedulur sinarawedi
Memule pamrih ... ngoncati
Kari roh sing arep nyawiji marang gusti

Mula piwelingku,........
Aja gampang kebidhung ngoyak ibere sulung,
Lamun kebacut mlebu geni, mundhak keduwung !!!

03 April 2011
dening ; Nawang Wulan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar