sugeng rawuh wonten ing kumpulan geguritan (puisi jawa) "memetri kabudayan jawi _ Face Book http://www.facebook.com/groups/geguritan/"

Selasa, 28 Februari 2012

Apa Wis Puput "Gara-Gara?"

Diwiwiti gagar ajining dhuwit, lengsering eyang ratu, mijiling para ratu sing mung duweni sesumbar aji tanpa numusi, kepara sansaya bubrah. Wong jawa ilang jawane, tumindak dora sing maune slinthutan dadi blak kotang. Korupsi, dolanan kukum, nyogok perkara ngegla tanpa aling-aling.

Wong cilik padha nglumpukke dhuwit, sakgegem dadi sakcepuk, sakcepuk dadi sakgunung, sakgunung digaglag buta sakbrayat kedhung.
Punggawa gung mbadog emas saktenggok mung kena blethok, sudra nyenggek dhondhong kenteban glondhong.

Kahanan kadya tan tinulungan, SURA DIRA JAYANINGRAT wus ngrembaka tanpa tuntunan, sekang saka kuli nganti priyayi padha nggendhong lali, utawa pancen dadi gegayuhaning ati, nuting jaman ngoyak aji. Sapa wani, Sapa kuwat, Sapa pinter lan julig, bakal nemahi jayantining kamulyan, sanadyan nerak trap-trapaning kasusilan.
PANGASTUTI, minangka pituturing para leluhur mung kadya dadi bebungah tumrape wong sing isih ngugemi kautamen, setya mulat musere Cakra Manggilingan mbesuk mesti bakal nemahi emas.

Sakeh para waskitha wus medhar sasmita ing jaman kalabendhu sing sajake saiki lagi linakon, jaman kang nuwuhake rusake pranatan, jalma durangkara, bumi bramantya lan nyawa ilang ajine, kanthi kersaning Hyuang Manon (Allah), ingaranan kabeh bakal puput.
Ana panjangka bakal tuwuh pitulungan kang nora dinuga, muwus saka bebrayan kang prasaja, ora pinter nanging lantip ing panggraita ngerti butuhing kawula, nir kaloka sembada ing budi.
Ana kang teges meneh ngandharke tetenger mau saiki wis katon, Wlhualam

Macak taun 2012 sesuk uga akeh wong kang njangka menawa bakal ana kahanan, taun kang kebak reridhu, gung rubeda, lemah lunjak-lunjak awit gregeten mulat kahanan.
Nanging ati ora perlu ngedhab, sumarah kersaning Allah, lan aja wedi kangelan.
Mbok menawa kabeh minangka puputing Gara-Gara, kang mekasi purwakaning mungguh jayantining bebrayan agung.
Kabeh mung kira-kira, sing mlaku dimen mlaku, sing dadi dimen dadi, manungsa mung becik memuji, Kuwasaning Gusti kang yekti.
 
 
AS...Sala 311211

Tidak ada komentar:

Posting Komentar