aku pasrah dadi rembulan ing saben klawuning wengimu sing madhangi ibering impen-impen kangen, nalika atimu njekut kalimput pedhut nyeret panglangutmu samsaya ndadi sadawaning pangantu-antu tatu. aku lila dadi bagaskara sing tansah ngusir bun kang nelesi pipi, ngangetake adheming rasamu kang dijejuwing sepi, mekarake panjangka mupusake gegayuhan, nukulake winihing kinarepan lan ngluruhake garinge kacuwan. aku pasrah lan lila dadi apa wae kang kok kersakake, janji aja kok pepesake uripmu nganti pegat oncating sukmamu. merga pati-urip wis ana garising pinesthi mung kari rasa pangrasamu kang kudu diresiki. jkt, selawe juni rongewu songo.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar