daktakokake marang tangga kulon, jarene ora katon daktakokake marang pulisi sing jaga prapatan, ora ana wangsulan daktakokake marang bakul dhawet ayu, mung digeguyu, daktakokake marang kere pinggir kali, ora mreduli takon marang sapa? marang lintang? o kadohan marang gunung, marang mendhung, apa marang mega ing akasa? ah, ora kajangka
dakpecaki dalan ledhu mangsa ketiga daksandhung, daksaruk, daksepak suket ing pinggir kali dak luru, mbok manawa isih kari
tansah dakarep-arep wangsulane lintang ing tawang tansah dakarep-arep wangsulane watu kang setya tuhu marang kali kang tansah setya ing janji marang krikil kang tansah dakpecaki sangisore sikil wasana mung kandha ora ngerti ora mreduli
apa tresnamu isih gumantung awang-awang apa kabuncang katut ing mega malang apa pancen kudu ngenteni tumetese bun wanci bedhug ndhrandhang ?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar