Nalika uripe nemu rubedo
Sesambate ngaluara
Kadya gunung bakal jugruk
Nalika swara kang tumucap wis ora di percaya
Kadya urip tanpa mbejaji
Padhange rahina dirasa tanpa srengenge
Lakune ngetutke obahe ati kang kebendung suwung
Yen wengi tumeko
Mung nyawang kumerlipe lintang ing angkasa
Angen angen sansoyo nglombro
Sunare rembulan tan bisa mandhangi atimu kang sansoyo ndhedet
Ing jagad lelimengan
Tumekane kapan uripmu tanpa rasa
Urip tanpa werno
Sawangen kae ing taman sari
Kembang mlati katon endah
uripe katon subur
Nadyan mung kesiram tetesing embun
Ahad, 2011
dening : Rindi Anyndyianingrum
Tidak ada komentar:
Posting Komentar